Friday, January 28, 2022

PERJALANAN HIDUP MANUSIA DALAM TEMBANG MACAPAT

Garisatas.com
1.    MASKUMAMBANG

Keadaan manusia saat masih di dalam ruh yang kemudia ditanamkan dalam Rahim.

2.    MIJIL

Fase kelahiran manusia.

3.    SINOM

Penggambaran masa muda. Masa muda merupakan masa yang dianggap indah dan oenuh dengan angan-angan.

4.    KINANTHI

Masa pembentukan jati diri dan meniti dalam menuju cita-cita. Dalam tembang ini digambarkan manusia memutuhkan tuntunan untuk mewujudkan cita-cita.

5.    ASMARADANA

Mengisahkan akan masa-masa asmara dan larut dalam kisah cinta.

6.    GAMBUH

Menceritakan tentang komitmen dalam pernikahan untuk menentukan cinta dalam satu rumah tangga.

7.    DHANDHANGGULA

      Kehidupan yang telah mencapai kemapanan social serta kesejahteraan, sandangan, pangan, dan papan.

8.    DURMA

      Durma berasal dari kata darma. Menggambarkan bahwa seseorang seyogyanya melakukan sedekah dan berbagi kepada sesama.

9.    PANGKUR

      Menggambarkan hawa nafsu manusia. Pangkur atau mungkur memiliki arti menyingkirkan hawa nafsu dan angkara murka, serta nafsu negative yang menggerogoti jiwa.

10.MEGATRUH

      Megatruh berarti megat roh. Terpisahnya nyawa dari jasad kita, terlepasnya ruh atau nyawa menuju keabadian mengisahkan tentang kematian manusia.

11.PUCUNG

      Pucung berarti pocong atau jasad manusia yang dibungkus dengan kainmori putih. Pola metrum ini menceritakan tubuh manusia yang dibungkus kain kafan saat dikuburkan di tempat peristirahatan abadi.

Tuesday, August 31, 2021

TEKS DHESKRIPTIF

Bola.com

1.    Tegese Teks Dheskriptif

Teks dheskriptif yaiku salah sijine jinis teks wacana adhedhasar tujuwan komunikasine sing digunakake kanggo njelasake samubarang utawa kedadeyan.  Dheskriptif minangka salah sijine jinise wacana, bisa nurunake maneka jinis adhedhasar wujud wacanane. Panganggone wacana dheskriptif upamane kanggo ndheskripsikake wong, kanggo ndheskripsikake barang, lan kanggo ndheskripsikake kedadeyan (deleng Ghufron, 2016:66-67; Chaer, 2014:272; lan Djajasudarma, 2012:12; Djajasudarma, 2010:11). Tujuwan panganggone wacana dheskripsi iki kanggo menehi informasi sing cetha lan jangkep ngenani salah sijine wewujudan (barang utawa kedadeyan). Saliyane iku kanthi anane dheskripsi sing jangkep lan rinci uga bisa narik kawigatene wong liya marang wewujudan kasebut (kanggo mbujuk/persuasi). Tuladhane wacana dheskriptif sing awujud teks upamane teks berita, teks biografi/profil, teks dheskripsi barang, lan sapiturute.

 

2.    Titikan lan Jinise Teks Dheskriptif

Titikane teks dheskriptif yaiku:

a.    isine awujud wacana dheskriptif/nggamabrake.

b.    nggunakake ukara deklaratif

c.    isine asipat obyektif.

d.    nggunakake dhata faktuwal.

Dene jinise wacana dheskriptif/panjelas adhedhasar wujud wacanane bisa diperang dadi enem, yaiku:

a.    wacana klarifikatif, tujuwan ekanggo nerangake,

b.    wacana analitik, tujuwane kanggo njlentrehake,

c.    wacana konfirmatif, tujuwane kanggo negesake,

d.    wacana intensif, tujuwane kanggo nandhesake,

e.    wacana naratif ilustratif, tujuwane kanggo nggambarake, lan

f.     wacana komparatif, tujuwane kanggo mbedakake.

 

3.    Pamangune Teks Dheskriptif

Pamangune teks dheskriptif bisa dibedakake dadi loro, yaiku wangun teks wacana lan wangun kabasan. Jlentrehane ing ngisor iki.

 

a.    Wangune Teks

Wangun teks saka wacana dheskriptif ana telu, yaiku idhentifikasi, klasifikasi, lan dheskripsi. Perangan idhentifikasi isine nggambarake utawa nyethakake apa sing dirembug (sajrone basa lisan) utawa apa sing diandharake (sajrone basa tulis). Tetembungan idhentifikasi luwih gampange bisa diarani tema utawa gambaran umum apa sing didheskripsi. Perangan sabanjure yaiku klasifikasi. Perangan iki isine bageyan-bageyan saka tema sing didheskripsi. Luwih gampange bisa diarani reng-rengan topik pecahan saka tema (kalimat utama, Ind.). Dene perangan dheskripsi yaiku perangan sing isine dheskripsi saka reng-rengan utawa topik sing ana (kalimat penjelas, Ind.).

 

b.    Wangun Kabasan

Wangun kabasan saka wacana dheskriptif yaiku kabeh wujud tembung, frasa, klausa, lan ukara sing ndhapuk anane wacana kanthi utuh. Utuh neng kene tegese yaiku urut, jelas, lan sambung teges utawa makna leksikal utawa graatikale (deleng Ghufron, 2016:32). Salah sijine sing bakal diandharake ing kene yaiku wangun basa ing bab tembung lan tata sajine.

 

1)   Jinise Tembung

Miturut teori tradhisional wujude tembung bisa diperang dadi sepuluh. Teori kasebut sepisanan diandharake dening Aristoteles. 10 jinis tembung kasebut yaiku:

a)    tembung aran,

b)   tembung kriya,

c)    tembung kahanan,

d)   tembung katrangan,

e)    tembung sesulih,

f)    tembung wilangan,

g)   tembung ancer-ancer,

h)   tembung panggandheng,

i)     tembung panyilah, lan

j)     tembung panguwuh (Alwasillah, 2011:38; Prawiroatmodjo, 1955:82).

Sepuluh jinis tembung kasebut, nut pangrembakane ilmu basa, bisa diringkes maneh dadi lima. Sejatine jinise tetep sepuluh, nanging lima liyane diringkes dadi sajinis. Limang jinis tembung kasebut yaiku bakal tembung, tembung aran, tembung kriya, tembung kahanan, lan tembung panggawe. Kanggo nggampangake sinau, mligine kanggo sing lagi anyar ajaran, sinau sepuluh jinis miturut pamawase Aristoteles wae. Sepuluh jinis tembung kasebut diandharake ing ngisor iki siji mbaka siji.

a)    Tembung aran, yaiku tembung kang dadi namane (jeneng, aran, merek) barang utawa apa-apa kang dianggep barang. Tuladhane: omah, buku, kreteg, Semeru, Surabaya, Sukarman, Gunawan Wibisana, pesugihan, kabudayan, panjaluke, pasinaon, kabupaten, lan sapanunggale.

b)   Tembung kriya, yaiku tembung kang mratelakake penggaweyan, tumindak, utawa solah bawa. Tuladhane: mangan, turu, tiba, mati, tresna, ngombe, nulis, macul, mbanyu, mili, lan sapanunggale.

c)    Tembung kahanan, yaiku tembung sig mratelakake kahanane utawa sipate aran. Tuladane: abang, ijo, pinter, gedhe, tuwa, lan sapiturute.

d)   Tembung katrangan, yaiku tembung sing mratelakake katrangan marang saliyane aran. Tuladhane: arep, bakal, lagi, wis, mentas, wingi, emben, mengko, kerep, saparan-paran, sebenere, ora kena, embuh, menawa, mulane, siji-siji, setugel, suwengi, lan sapiturute.

e)    Tembung sesulih, yaiku tembung kang gunane kaggo nyulihi utawa ngganteni nyebut barang. Tuladhane: iki, iku, ika, dheweke, aku, sampeyan, lan sapiturute.

f)    Tembung wilangan, yaiku tembung sing nuduhake wilangan. Tuladhane: siji, loro, slawe, seket, suwidak, eka, dwi, tri, catur, panca, sad, sithik, akeh, kabeh, kapisan, kapindho, lan sapiturute.

g)   Tembung ancer-ancer, yaiku tembung sing mratelakake ancer-ancer, ener, papan, utawa panggonan. Tuadhane: ing, menyang, saka, ndhuwur, antara, ngisor, krana, merga, lan sapiturute.

h)   Tembung panggandheng, yaiku tembung sing nggandheng tembung siji lan tembng liyane. Tuladhane: lan, sarta, tur, mula, supaya, amrih, nanging, ewadene, lir, kadya, kanthi, watara, lan liya-liyane.

i)     Tembung panyilah, yaiku tembung kang mratelakake jukukan. Tuladhane: si, sang, kang, lan sapiturute.

j)     Tembung panguwuh, yaiku tembung sing mratelakake panyeru utawa sabawa. Tuladhane: o, hlo, wah, adhuh, mesakne, hus, jabang bayi, ah, eman, lan sapiturute.

 

2)   Panulise Tembung (Jejeg/Miring)

Swara jejeg lan miring kalebu bab titi swara ing ilmu basa. Ngunekake/ngucapake tembug kanthi cara jejeg utawa miring gumantung panggone aksara swarane. Kanggo nggampangake ngerteni bedane, bisa ndeleng tuladha sajrone dhaftar ing ngisor iki.

Aksara Swara

Jejeg

Miring

a

ana

anak

ula

paku

i

kira

paling

sikat

mulih

u

pupu

asung

upa

warung

é

pepe

seleh

sate

waleh

e (pepet)

wesi

kendhi

o

sekolah

wos

kolam

pojok

 

 

4.    Olah Teks Dheskriptif

Kegiyatan olah teks iki dibage dadi papat, yaiku nggawe teks, njinggleng teks, maca lan micarakakae teks, lan ndudut isine teks. Andharan luwih jangkepe ing ngisor iki.

 

a.    Nggawe Teks Dheskriptif

Nggawe teks dheskriptif luwih gampang tinimbang nggawe teks liyane, apa maneh teks sastra kayadene teks naratif. Ing ngisor iki diandharake tata carane nggawe teks dheskriptif.

1)   Nemtokake tema lan topik.

2)   Nglumpukake dhata faktuwal kanthi cara ngidhentifikasi samubarang sing bakal didheskripsiake.

3)   Nggawe reng-rengan saka topik, yaiku mantha bakune gagasan saka isen-isene topik.

4)   Ndheskripsiake saben pepanthan kanthi katrangan sing jangkep adhedhasar dhata faktuwal sing wis diklumpukake sadurunge.

Sing kudu digatekeke sajrone nggawe teks yaiku ngerteni pamangune teks kanthi utuh. Perangan sing luwih cilik yaiku tembung, kumpulane tembung dadi ukara. Kumpulan ukara kasebut dadi wacana. Sing bisa ngiket kabeh mau yaiku kaslarasan teges lan makna kang kaiket karo sawijine topik utawa bakune gagasan (deleng Poerwadarminta, 1984:33).

 

b.   Njinggleng Teks Dheskriptif

Sawise teks kasil digawe, sing kudu ditindakake sabanjure yaiku njinggleng teks. Njinggleng neng kene yaiku ngoreksi, ndandani, lan ngowahi teks. Dhasar sing digunakake kanggo ngingglengi teks kasebut diandharake ing ngisor iki.

1)   Tata tulis lan ejaane, yaiku  njinggleng menawa ana sing kliru nulise, kurang aksarane, luwih aksarane, lan sapiturute. Upamane tembung ‘cocog’ kliru nulis ‘cocok’, ‘padha’ kliru dituis ‘pada’, ‘ngerteni’ kliru ditulis ‘mangerteni’, ‘ana’ kliru ditulis ‘ono’, ‘digunakake’ kliru ditulis ‘digunaake’, ‘yaiku’ kliru ditulis ‘yikuu’, ‘njinggleng’ kliru ditulis ‘njingnggleng’, lan sapiturute.

2)   Tandha wacane, yaiku njinggleng tandha waca sing dienggo, klebu cara panulise kudu bener. Upamane tandha mandheg (titik, patanya, seru), koma, garis miring, titik loro, titik koma, kutip,  lan sapiturute.

3)   Teges leksikal utawa gramatikale, yaiku njingglengi teges utawa makna saka rerakitane tembung sing dienggo, rerakitane ukara, lan rerakitane pada/paragrafe.

 

c.    Maca lan Micarakake Teks Dheskriptif

Trampil basa nduweni patang jinis, salah sijine yaiku maca lan micara. Minangka katrampilan, mung bisa diduweni menawa kerep ngenggo kanthi cara ngulinakake utawa ngakehi gladhen. Katrampilan basa uga dipangaribawani saka wawasan lan pengalamane panganggo basa. Sajrone maca, kita mesthi wae kanthi ndeleng, njingglengi, lan ngerteni aksara-aksara sing ndhapuk basa kanthi utuh. Salah sijine jinis maca sing cocog kanggo macakake teks dheskriptif yaiku maca seru (oral reading). Maca seru yaiku maca kanthi pamacan sing jangkep lan nggunakake wirama/intonasi sing cetha lan genah. Tata cara gladhen maca sing apik yaiku:

1)   gladhen olah vokal,

2)   sinau wirama/intonasi, lan

3)   titise pangucap.

Dene katrampilan micara sajrone wacana dheskripsi bisa disinaoni kanthi ngerteni apa sing bakal dikandhakake, yaiku isine wacana kasebut. Cara sing digunakake sajrone ndheskripsikake samubarang yaiku:

1)   ngerteni tema lan topike,

2)   ngerteni balungan utawa reng-rengan perangane topik,

3)   nggunakake solah bawa sing trep (gandhes, luwes, mesthes, nandhes, lan pantes), lan

4)   trampil olah cakrik basa (pilihan tembung, wirama, titise pangucap).

Intine sajrone wicara sing apik, kudu ngerteni sapa sing ngomog, sapa sing dijak ngomong, apa sing diomongake, lan kepiye swasanane. Dene teknik sing kudu diduweni wong sing micara yaiku among cipta (nalar/logis), among swasana (adaptif), among rasa (etis, empatis, lan estetis), lan among raga (tampilan).

 

d.   Ndudut Isine Teks Dheskriptif

Saliyane nulis lan micara minangka jinise trampil basa sing asipat prodhuktif, ana rong jinis trampil basa liyane nanging asipat reseptif, yaiku nyemak lan maca. Amarga sipate reseptif, mesthi wae wong sing maca utawa nyemak oleh kawruh utawa sesurupan anyar saka apa sing ditindakake. Nalika maca utawa nyemak wacana dheskriptif, kita bakal oleh kawruh ngenani samubarang sing didheskripsikake. Supaya bisa luwih patitis utawa optimal anggone nampa kawruh kasebut, mesthi wae anggone maca utawa nyemak kudu tumemen, saengga bisa nggawe dudutan sing pener. Ing ngisor iki salah sijine cara supaya anggone ndudut isine wacana dheskriptif bisa pener.

1)   njinglengi tema lan topik sing diwedharake kanthi lisan utawa tulis,

2)   ngerteni bakune gagasan saben pada utawa saben bageyan omongan,

3)   nggatekake dhata faktuwal sing diwedharake sajrone bageyan-bageyane wacan kasebut, lan

4)   nyundhukake apa sing diwaca utawa disemak karo kahanan sing ana ing bebrayan adhedhasar kawruh utawa pengalaman sing diduweni sadurunge.

Wednesday, March 24, 2021

AKSARA JAWA

 

AKSARA JAWA

google

 

SINAU AKSARA JAWA

 

Aksara legena lan pasangane

      


 





Tanda Waca

No.

Aran

Wujud

Penganggo

Tuladha

1

Pada adeg-adeg 

?....

Miwiti nulis pada/ukara (penanda awal paragraf/kalimat)

 

?finaikiakusinaumcjw.

2

Pada Lungsi 

. / …\, 

Tandha titik

?adikulgimcbuku.

?buku[nfig[wkips\,

3

Pada Lingsa

, / ...\ 

tandha koma

?aku,sugi,gin,pdaumu/[r.

?bpk\aibu,pmn\pdj[g=ozn\,

4

Pada Pangkat

; ;

Tandha titik loro, tandha pethik loro, mbedakake aksara lan angka/cekakan /aksara liya

?akutukubers\;15;ki[lo.

?adikSe[kolhai= ;SMP;AlM|sLim\,

 

Sandhangan

No.

Aran

Aksara Latin

Aksara Jawa

Tuladha

Swara

1

Wulu

i

i

siji, aiki

2

Pepet

ê

e

tek, sep

3

Suku

u

u

buku, duku

4

Taling

è/é

[

[s[j, [r[n

5

Taling tarung

o

[o

[so[to, [lo[ro

Sigeg

1

Layar

…r

/

bub/, w/g

2

Cecak

…ng

=

tli=, l=g/

3

Wignyan

…h

h

[aomh, pish

4

Pangkon

(mati)

\

[m[nk\, [w=oa[nom\

Wyanjana

1

Cakra

…r…

]

suk], k]s

2

Keret

…rê…

}

g}get\, s}gep\

3

Pengkal

…y…

-

?k-ai, [kop-h

 

Pasangan Aksara Jawa

No.

Pasangan

Wujud

Tuladha

1

ha

H

k[aosHv/

2

sa

S

vuwunHkSm

3

pa

P

wsP[n[ts\

 

 

No.

Pasangan

Tulisan

Tuladha

Padha karo asline

1

ra

R

ankRtu

2

ya

Y

kerisYsn\

3

ga

G

ankGjh

4

nga

Z

budlZrit\

Beda karo asline, ditulis sambung karo sing dipasangi

1

na

N

wjibNrim

2

da

F

pnFmel\

3

wa

W

asWtm

4

nya

V

[zo=[konVpu

Panulise beda lan ora sambung/pisah

1

ca

C

an[kC[l=

2

ja

J

numpkJrn\

3

ma

M

budlMtun\

4

ba

B

alsB|bt\

Panulise meh padha karo asline, nulise pisah, yen ana sandhangan sing sambung panulise dadi padha karo asline

1

ka

K

awsKli

2

ta

T

mznTau

3

la

L

kplLaut\

Panulise dijupuk tengahe aksara asline, ditulis pisah

1

dha

D

mikulD|wu/

2

tha

Q

kiltQqit\

 

Angka Jawa

1

2

3

4

5

6

7

8

9

0

1

2

3

4

5

6

7

8

9

0

Ditulis kanthi urut lan manggon ing antarane tandha ;….;

Tuladha: taun\ ;2018;

;SMP; ;95;

 

Aksara Murda

Paugeran: dienggo kanggo nyulihi aksara kapital lan kanggo nulisake nama (jeneng, aran, merek), kalebu jabatan, lembaga, titel, lsp. Mung ditulis aksara sing ana murdane sing manggon ing ngarep dhewe.

!

na

#

ta

%

pa

&

ga

@

ka

$

sa

^

nya

*

ba

 

 

Aksara Swara

Paugeran: dienggo kanggo nyulihi aksara kapital lan kanggo ngganteni panulise tembung manca (kata serapan). Mung kanggo nulisake aksara sing ana ing ngarep.

A

I

U

E

O

A

I

U

E

O

Tuladha:

 

 

 

 

 

Panulise Panambang

Tembung lingga kang kapungkasan swara sigeg/vokal ora perlu ditulis rangkep.

Tembung lingga kang kapungkasan panyigeg/konsonan  kudu ditulis rangkep.

ana+{-ne}

anak+{-e}

buku+{-ne}

tulis+{-an}

ili+{-ne}

bubur+{-e}

sene+{-ne}

baung+{-e}

kebo+{-ne}

abab+{-e}

Sing kalebu panambang: {-e, -, -, -, -, -, -, -, -,}

 

 PEPELING NULIS AKSARA JAWA 

Nulis ukara migunakake aksara Jawa kuwi pancen gampang-gampang angel, gampang yen wis ngerti tata cara lan pepeling-pepeling kang kudu digatekake, angel yen durung ngerti lan durung paham ngenani tata cara lan pepeling jrone nulis aksara jawa.

Dene pepeling kang kudu digatekake ing antarane:

1.      Saben nulis ukara kudu diwiwiti nganggo pada adeg-adeg (?) lan dipungkasi nganggo pada lingsa utawa lungsi (,utawa.). Pada lingsa (,)dienggo nalika mungkasi ukara kang mawa pangkon dene pada lungsi (.) dienggo nalika mungkasi ukara kang ora migunakake pangkon.Pada lingsa uga kanggo tandha koma.

Tuladha:?adikutukujjn\ (adhiku tuku jajan)

?adikutukuseg (adhiku tuku sega)

Aksara Murda

1. Murda= sirah

Aksara Murda = aksara sirah, aksara sesirah

Aksara Murda iku satemene ora ana.Wondene kang lumrahe diarani aksara murda iku, utawa kang dianggep minangka aksara murda iku sejatine aksara Mahaprana, yaiku aksara kang pancene kudu diucapake kanthi abab akeh; kosok baline aksara alprapana, yaiku aksara kang diucapake lumrah (kanthi abab saithik).

2.      Cacahe aksara murda ana wolu, yaiku:

3.      Aksara murda mung kanggo ing tata-prungu, tegese kanggo pakurmatan. Aksara murda ora kena dadi sesigeging wanda.

Ing jaman biyen kang lumrah ditulis nganggo aksara murda yaiku asmane para luhur, jejuluke lan padununge, minangka pakurmatan. Tuladhane kayata:

?fewi$inTput]inep]bujnkrtungrmnTili.

Dewi Sinta putrine prabu Janaka ratu nagara Mantili.

4. Saiki jaman demokrasi, prayogane kabeh jenenge wong lan jenenge titah kang tata carane urip kaya manungsa, kayata raseksa, wanara, lan sapanunggalane kang kasebut ing carita padhalangan lan liya-liyane, katulis nganggo aksara murda. Cukup nganggo aksara murda siji wae, aksara kang ngarep dhewe. Yen aksara sing ngarep dhewe ora ana murdane, ya aksara mburine, yen mburine ora ana ya mburine maneh. Tuladhane:

?fi%p]wir à Dipaprawira

?r$ekSit]ijq àRaseksi Trijatha

?$uf/snàSudarsana

Aksara Swara

1. Cacahe aksara swara iku ana lima, yaiku:

 






2. Gunane aksara swara kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, kayata:

?EsP}s\ à Espres

?O[kTobe/ à Oktober

?Ib]aim\ à Ibrahim

3. Aksara swara ora kena dadi pasangan. Manawa dumunung ing samburine wanda sigeg, aksara sesigeging wanda iku kudu dipangku. Tuladhane:

?wuln\Ap]il\  à Wulan April

 ?ms\Um/saif\  à Mas Umarsaid

4. Aksara swara iku ora kena ditrapi sandhangan swara. Tuladhane:

Aimm-  benere kudu: Imm-

Aum/ benere kudu: Um/

 

Angka Jawa

1. Angka Jawa wujude mangkene;








2. Amarga angka Jawa iku awujud aksara Jawa, supaya ora mbingungake panulisane kudu dipisah karo aksara Jawa kang dumunung ana ing sakiwa tengene. Sarana kang dienggo misah yaiku pada pangkat (;…;) tuladhane:

Saiki taun 1986 = ?saikitaun\;1986;\

Umurku saiki 17 taun = ?aumu/kusaiki;17;taun\