pawonkidulan.com
Tegese Basa Rinengga
Basa rinengga yaiku salah sawijine lelewaning basa (gaya bahasa) asil kaprigelan olah basa minangka sarana olah rasa, olah jiwa, lan olah karsa. Lelewaning basa bisa katitik saka pilihan tembung, pangrakite ukara lan wacana, sing tundhone bisa ndadekake tambah endah, nges, lan mentes. Asile bisa wujud crita- crita lisan sing isih lestari ing satengahe masyarakat Jawa lan tinggalan naskah-naskah karya sastra. Teks-teks sastra mau bisa rupa tembang, serat, lan teks-teks gancaran liyane, sing isine andharan ngenani maneka warna ilmu/kawruh.
Basa rinengga iku basa kang direngga, rengga tegese paes. Basa rinengga tegese basa sing dipaesi utawa dipacaki supaya luwih apik, endah, lan ngresepake. Basa rinengga bisa ditrapake ana ing maneka warna ragam basa, gumantung karo kaperluane. Lumrahe basa rinengga kuwi sing kerep digunakake ana ing karya sastra, antawacana ing upacara adat, antawacana wayang lan kethoprak, sanadyan ing pasrawungan saben dina uga kala-kala bisa ditemoni basa rinengga.
Jinis-jinise Basa Rinengga
1. Bebasan
Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake kahanan lan ulah-kridhane manungsa. Tuladhane:
(1) nglungguhi klasa gumelar, tegese mung kari nemu penake,
(2) suduk gunting tatu loro, tegese tumindak ora bener pisan, njalari kapitunan rong warna,
(3) nututi layangan pedhot, tegese mburu barang sepele sing asile ora sumbut karo rekasane.
2. Saloka
Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake wonge. Tuladhane:
(1) asu belang kalung wang, tegese wong asor nanging sugih bandha donya,
(2) cebol nggayuh lintang, tegese wong sekeng/mlarat duwe gegayuhan sing mokal kasembadan,
(3) kacang ora ninggal lanjaran, tegese sipate anak ora beda adoh karo sipate wong tuwa.
3. Pepindhan
Pepindhan yaiku unen-unen sing duwe teges emper-emperan utawa irib-iriban, diumpamakake kanggo mbangetake, lumrahe nganggo tembung lir, pindha, kadya, kaya, lan liya-liyane. Tuladhane:
(1) ketiban ndaru, tegese beja banget,
(2) sumbare kaya bisa mutung wesi gligen, tegese kaya ora ana sing bisa ngalahake,
(3) srawunge kaya lenga karo banyu, tegese ora bisa rukun.
4. Paribasan
Paribasan yaiku unen-unen sing ajeg panganggone, ngemu surasa wantah. Tuladhane:
(1) kebat kliwat, gancang pincang, tegese tumindak kanthi kesusu asile ora bakal maremake,
(2) anak polah bapa kepradhah, tegese tingkah polahe anak dadi tanggungjawabe wong tuwane,
(3) adigang-adigung-adiguna, tegese ngendhelake kekuwatane, keluhurane, lan kepinterane.
5. Tembung Saroja
Tembung saroja yaiku rong tembung (dua kata) sing padha tegese dienggo bareng. Tuladhane:
(1) edi peni (indah),
(2) sugeng rahayu,
(4) wilujeng rahayu (selamat),
(5) gagah prakosa (gagah perkasa)
6. Tembung Garba
Tembung garba yaiku, persandhian, rong tembung sing dicekak dadi siji (dua kata yang diringkas menjadi satu). Tuladhane:
(1) aneng (ana+ing),
(2) sumbangsih (sumbang+asih),
(3) jalwestri (jalu+estri)
7. Tembung Entar
Tembung entar yaiku rong tembung sing digabung dadi siji lan nduweni makna entar/kias/konotatif. Tuladhane:
(1) kuping wajan,
(2) rai gedheg (tidak punya malu),
(3) dawa tangan (suka mencuri),
(4) abang kupinge.
8. Tembung Camboran
Tembung camboran yaiku rong tembung sing didadekake siji lan dadi teges anyar. Tuladhane:
(1) nagasari,
(2) sega kucing
9. Tembung Wancahan
Tembung wancahan yaiku rong tembung sing dicekak dadi siji. Tuladhane:
(1) bangjo (abang ijo),
(2) lunglit (balung kulit),
(2) burnas kopen (bubur panas kokopen)
No comments:
Post a Comment