shereonline.com
A. Drama
Drama mujudake crita gancaran kang ngandharake lelakone manungsa utawa kahanan tartamtu ditulis kanthi wujud pacaturan (dialog) lan dipentasake ing panggung. Jinise drama kaperang dadi loro, yaiku drama tradhisional lan drama modheren.
B. Nemtokake Wangun Crita
Minangka crita naratif, lakon sawijine crita nduweni struktur utawa wangunan kang dumadi saka: a) jejer (orientasi), yaiku perangan wiwitane crita kanggo nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure, b) pasulayan (komplikasi), yaiku dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para tokoh/paraga, lan c) pangudhare prakara (resolusi), yaiku pungkasan karampungane pasulayan utawa dredah.
Wondene sacara isi crita, unsur pamangun sawijining karya sastra diperang dadi loro, yaiku unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik. Unsur intrinsik yaiku unsur-unsur kang mangun sawijining karya sastra iku dhewe (Nurgiyantoro, 2010:23). Unsur kang mesthi bakal ditemokake nalika sawijining pawongan maca karya sastra. Wujude unsur intrinsik yaiku tema, paraga, plot utawa alur, kelir, lan sudut pandang. Ing ngisor iki bakal diandharake unsur-unsur intrinsik kang mangun karya sastra.
1. Tema
Sakabehe karya fiksi nduweni utawa ngandhut tema. Tema (theme) yaiku makna kang kinandhut dening sawijining cerita (Nurgiyantoro, 2010:67). Kang kudu ditindakake nalika nggoleki tema yaiku kang kapisan digoleki gagasan utama ing saben-saben pada sajrone karya sastra. Gagasan utama kasebut kang diarani sub tema. Sabanjure, saka sub tema kasebut ditemtokake sawijining sub tema kang paling gedhe pangaribawane tumrap cerita. Sub tema kasebut kang bisa diarani tema utama utawa tema mayor kang ndayani sawijining cerita.
2. Paraga
Paraga yaiku wong kang ana sajroning karya fiksi kang dening pamaca digambarake nduweni nile moral lan pakulinan tartamtu kang kagambarake nalika guneman utawa tumindak. Sajrone karya fiksi, saliyane paraga uga kerep anggone ditemokake tembung pamaragan yaiku gegambaran kang cetha ngenani sawijining wong kang didhapuk sajroning cerita.
3. Pamaragan
Pamaragan ngandharake sapa paraga crita, kepriye wateke, lan kepriye gegambarane paraga kasebut sajrone cerita saengga bisa menehi gegambaran kang cetha tumrap pamaca. Pamaragan ing kene digunakake minangka sarana kanggo nggambarake sawijining paraga.
4. Plot
Plot mujudake unsur fiksi kang wigati. Plot minangka lelakon-lelakon kang diwujudake sajrone cerita kang ora asipat apa anane, amarga pangripta nyusun lelakon-lelakon iku adhedhasar sebab-akibat. Adhedhasar urutan wektu, Nurgiyantoro (2010:153) merang plot utawa alur dadi loro, yaiku alur lurus (progresif) lan alur balik (regresif). Sajrone alur lurus prakara-prakara kang dumadi digambarake kanthi runtut utawa kronologis, dene alur balik prakara kang dumadi digambarake kanthi ora runtut. Sajrone plot ana bageyan-bageyan iki:
1) jejeran
2) pasulayan
3) pangudhare perkara
5. Kelir
Kelir (setting) diarani uga landhesan kang tegese tumuju marang panggonan, wektu, lan lingkungan sosial panggonan dumadine lelakon kang dicritakake. Kelir diperang dadi telu yaiku panggonan, wektu, lan swasana.
6. Amanat/Nilai Moral
Nurgiyantoro (2010:321) ngandharake menawa reriptan sastra, fiksi, umume ngandhut nilai moral sing sesambungan karo budi luhur lan nilai uga norma kamanungsan. Sifat luhur iku asipat universal. Tegese diyakini lan dipercaya dening manungsa sajagad.
C. Basa sing Digunakake sajrone Drama Tradhisional lan Drama Modheren
Drama tradhisional Jawa bisa kaperang dadi telu, yaiku kethoprak, wayang, lan lodrug. Basa sing digunaake sajrone kesenian iku umume nganggo basa sing beda karo basa Jawa sing kita gunaake sajrone urip bebrayan saiki. Wayang lan kethoprak umume nggunakake basa sing kagolong basa Jawa tengahan. Basane ndhakik-ndhakik lan kaiket (resmi).
Beda karo basa sing digunakake sajrone lodrug. Lodrug minangka kesenian kang tuwuh lan ngrembaka saka rakyat, mligine ing dhaerah arek, umume nggunaake basa padinan sing surasane kaya-kaya kasar. Laras karo budaya wong Jawa Timur mligine dhaerah arek (Jombang-Jember). Dene basa kang digunakake ing drama modheren ora beda adoh saka lodrug, yaiku nggunakake basa padinan. Kdhangkala uga nggunakake basa campuran, yaiku basa kang ndhakik-ndhakik lan basa padinan.
D. Ndhudhah Ajine Moral sajrone Teks Drama
Kaya dene teks asil cipta sastra liyane, lakon sawijine crita uga nduweni tuntunan-tuntunan utawa wejangan-wejangan kang pengin diandharake dening panulis kang awujud piwulang babagan moral utawa budi pekerti. Piwulang moral ing teks asil cipta sastra kagolong dadi papat, yaiku:
1. Moral marang Gusti Kang Maha Kawasa,
2. Moral marang sapadha-padha manungsa,
3. Moral marang dhiri pribadi, lan
4. Moral marang alam lingkungan.
E. Maca Teks Lakon Drama Tradhisional
Pamacane teks lakon beda karo pamacane teks sastra liyane, kaya teks guritan, cerkak, utawa gancaran liyane. Anggon kita maca lan ngerteni teks lakon utawa drama uga beda. Teks lakon katulis kanthi bleger kang dumadi saka katrangan bab: a) tokoh (pawongan sing kagambarake watak lan lakune), b) antawacana (gunemane para takoh), c) swasana (latar, busana, paes), lan d) pituduh laku (tingkah sing kudu ditindakake paraga).
Mula saka iku, pamacane teks lakon kajumbuhake karo watak paraga sajerone lakon. Para siswa kudu gladhen ngenani dhapukane lan wewatakane paraga sajroning lakon. Para siswa diajakl nirokake karaktere paraga, gladhen maca nganti apal antawacana lan perangan naskah sing dadi tanggung jawabe.
F. Ngayahi Pamaragane Teks Lakon Drama
Supaya anggone mentasake lakon ora nguciwani, sadurunge mentasake lakon perlu nindakake ayahan-ayahan iki:
(1) Netepake tema utawa irah-irahan lakon kang arep kagelar
(2) Andum gawe, yaiku netepake dhalang lan para paraga.
Sawise netepake irah-irahan lakon kang arep kagelar lan gawe kelompok, saiki bisa katerusake ing tataran andum gawe. Sepisanan sing kudu katetepake, yaiku dhalang utawa sutradhara. Jalaran dhalang minangka pawongan kang nduweni wenang milih lan ngatur samubarang wiwit sadurunge nganti sarampunge pagelaran. Dhalang sabanjure milih para paraga utawa actor kacundhukake karo wewatake tokoh ing sajeroning teks.
Ndhudhah sekenario (naskah/teks).
Teks lakon yaiku karangan kang awujud scenario jangkep, sekabehane kaandharake kanthi rinci dening panulis naskah, kalebu pirantine pagelaran (perabotan, busana, lan paes) kang kudu dicepakake. Sadurunge lakon kagelar, scenario kudu didhudhah lan dibabar supaya gambaran kasar ngenani swasana lakon sajerone naskah kasebut bisa kabayangake.
Gladhen maca lan tingkah
Wiwitane, dhalang njlentrehake kanthi cekak aos bakuning crita lan menehi tuladha pamacane naskah kajumbuhake karo watak tokoh sajerone lakon, banjur para paraga gladhen nirokake. Ing papan lan wektu liya, kanthi mandhiri para paraga gladhen maca nganti apal antawacana lan perangan naskah sing dadi tanggung jawabe, kalebu gladhen tingkah polah lan polatan kajumbuhake karo panjaluke naskah.
G. Maragakake Teks Lakon Drama
Saiki wektune para siswa mamerake kawasisane kanthi ngetog sakabehe karosan, lan kaprigelan kang wis kasiapake kanthi jlimet, titi, lan tutug. Dhalang lan para paraga ing pagelaran kanthi saiyeg saeka kapti makarya bebarengan nggelar lakon kanthi bombong lan bungah.
Bab-bab sing kudu ditindakake paraga supaya bisa meranake drama slaras karo dapukane ana ing pamentasan drama yaiku :
1. Maca naskah drama
2. Mahami isi nasakah drama
3. Njiwani watak paraga sing arep diperanake.
4. Nyiapake ubarampen/property sing dibutuhake.
Pagelaran lakon bisa lumaku kanthi lancar lan apik, yen sekabehe pawongan kang kasangkut ing sajerone pagelaran bisa makarya bebarengan kanthi linambaran rasa seneng lan tanggung jawab.
Nalika salah sawijine kelompok lagi oleh giliran nggelar lakon, kelompok liyane kanthi tinarbuka lan jujur menehi pambiji, panemu, lan panyaruwe. Bab kang perlu oleh kawigaten yaiku:
a. Swara
Sajerone pagelaran lakon, paraga kudu bisa ngatur suwara supaya antawacanane bisa kaprungu kanthi jelas dening pamiarsa ing sajerone gedhung utawa panggung. Paraga lakon kudu bisa ngatur: 1) intensitas (kekuatan/seru-lirihe suara), 2) intonasi (nadha/endhek-dhuwure suara), lan 3) artikulasi (kedal/obah lan menga-mingkeme tutuk).
b. Polatan
Paraga lakon kudu bisa mitontonake polatan (ekspresi wajah) sedhih, gething, srengen, seneng, wedi, bingung, sombong, ngantuk, lan utawa jumbuh karo panjaluke naskah.
c. Polah Tingkah
Sakabehe polah tingkah paraga lakon kudu mujudake obah mosik sing kaseja. Polah tingkah iku kudu laras, imbang, lan wajar kaya panjaluke naskah.
No comments:
Post a Comment