blog Indonesia-blogger |
Basa Rinengga yaiku salah sijine
basa sing nduweni sipat endah (artistik) yaiku awujud sastra. Ing jagade
kasusastran Jawa, basa sing endah kasebut lumrahe diarani basa rinengga. Dadi
basa rinengga yaiku basa sing dipacaki, dipaesi, utawa dilewa-lewa supaya dadi
endah. Jinise basa rinengga akeh banget. Salah sijine sing awujud unen-unen yaiku:
(1)
Paribasan,
(2) bebasan,
(3) saloka, lan
(4)
isbat.
Saliyane iku ana uga sing awujud:
(1)
candra,
(2) rumpaka, lan
(3)
sanepa.
Ana uga sing dienggo ing
paramasastra kayadene:
(1)
tembung saroja,
(2) yogyaswara,
(3) kerata basa,
(4) rura basa,
(5) tembung garba,
(6) tembung entar,
lan
(7)
dasanama.
Dene adhedhasar panganggone,
basa rinengga ana sing awujud
(1)
purwakanthi,
(2) sesanti,
(3) cangkriman,
(4) wangsalan,
(5) sandhi asma, lan
(6) sengkalan
Lumrahe basa rinengga
kasebut dienggo sajrone reriptan sastra, pinathok, gancaran, apadene lakon.
Kayata ing tembang macapat, guritan (puisi, parikan, kidung, singir, lelagon,
suluk, japa mantra, crita cekak, novel, apadene drama.
A. BASA RINENGGA KANG AWUJUD UNEN-UNEN (UNGKAPAN)
1. Paribasan
Paribasan yaiku
unen-unen kang gumathok (ajeg panganggone), mawa teges entar nanging ora ngemu
surasa pepindhan. Tuladha:
a. Rebutan balung tanpa sumsum
Tegese padudon sing
disebabake barang sepele.
b. Kenes ora ethes
Tegese wong wadon sing
sugih omong/umuk nanging ora bisa mrantasi gawe.
c. Yitna yuwana lena kena
Tegese sing ngati-ati
bakal 'slamet suwalike sing sembrana bakal cilaka.
2. Bebasan
Bebasan
yaiku unen-unen kang gumathok (ajeg panganggone) lan nduweni teges entar
kang ngemu surasa
pepindhan. Dene sing dipindhakake sajrone bebasan yaiku kahanan utawa tindak-tanduke
manungsa. Tuladha:
a. Kerot ora nduwe untu
Tegese darbe
panjangka nanging ora nduwe sarana.
b. Nabok nyilih tangan
Tegese namakake panggawe ala sarana nggunakake
tenagane wong liya.
c. Ngubak-ubak banyu bening
Tegese gawe rerusuh ing panggonan kang wus tentrem.
3. Saloka
Saloka yaiku unen-unen
kang gumathok (ajeg panganggone) lan nduweni teges entar kang ngemu surasa
pepindhan. Sing dipindhakake sajrone saloka yaiku manungsa. Tuladha:
a.
Belo melu seton
Tegese anut grubyuk sanajan
ora ngerti dhodok selehe
b. Kemladheyan ngajak sempal
Tegese sedulur ngajak
marang kerusakan.
c. Tengu ngedu gajah
Tegese wong cilik ngedu
wong gedhe.
TABEL PRASAMAN, PAMBEDA, LAN TULADHANE
PARIBASAN, BEBASAN, SALOKA |
|||
|
Paribasan |
Bebasan |
Saloka |
Persamaan Persamaan |
Unen-unen kang gumathok (Ungkapan yang sudah tertetapkan) |
||
Nduweni teges
entar (memiliki makna kiasan) |
|||
Pambeda Perbedaan |
Ora
nduweni makna pepindhan (pengandaian) |
Nduweni
makna pepindhan |
Nduweni
makna pepindhan |
- |
Sing pindhakake kahanan (peristiwa) lan tingkah lakune manungsa |
Sing dipindhakake manungsa |
|
Tuladha Contoh |
Rebutan balung tanpa sumsum
|
Nabok nyilih tangan
|
Belo melu seton
|
4. Candra
Nyandra tegese marna
utawa nggambar kaendahan sarana pepindhan. Mula, candra yaiku unen-unen kang gumathok penganggone kanggo nyandra perangane awak, solah
bawa, lan kahanane manungsa kanthi cara pepindhan. Tujuwan nyandra yaiku kanggo nggambarake kaendahane manungsa.
Dene carane nyandra yaiku kanthi cara
ngupamakake manungsa kasebut karo barang sing nduweni bleger, tindak tanduk,
utawa kahanan sing padha. Candra dibage
dadi telu, yaiku:
(1) candrane
perangane awak,
(2) candrane solah
bawa manungsa, lan
(3) candrane kahanane
manungsa.
Tuladhane:
a.
Tuladha candrane
perangane awak
1) irunge ngudhup
mlathi (ngrunggih)
2) pipine nduren
sajuring
3) alise nanggal
sepisan
b. Tuladha candrane solah bawane manungsa
1) lakune kaya macan luwe
2) pangamuke kaya bantheng ketaton
3) lambeane mblarak sempal
c. Tuladha candrane kahanane
manungsa
1) talingan
sir sinebit
2) idep mangada-ada
3) angga mubal dahana
5. Rumpaka
Salah sijine jinise
cecandran yaiku rumpaka. Rumpaka asale saka tembung lingga 'rupa', oleh seselan
{-um-} lan panambang {-an}, 'rumpakan', yaiku ngrupakake kahanane. Rumpaka meh
padha karo candra, bedane sajrone
rumpaka sing dipindhakake yaiku kahanan alam. Tuladhane kayadene gegambaran
rumpakane pranata mangsa iki.
a. Sotya murca ing
embanan (mangsa kasa)
Tegese : Wiwit
wit-witan padha brindhil
b. Bantala rengka
(mangsa karo)
Tegese : lemah-lemah
padha nela (mlethek)
c. Suta manut bapa
(mangsa ketelu)
Tegese : wit gembili
(gadhung) padha mrambat
d. Waspa kumembenng
jroning kalbu (mangsa kapat)
Tegese : tuk-tuk
padha pipet (bumpet)
e. Pancuran mas
semawur ing jagat (mangsa kalima)
Tegese : wiwit
akeh udan
f. Rasa mulya
kasucen (mangsa kanem)
Tegese : ungsum woh-wohan
mirasa
g. Wisa kentar ing
maruta (mangsa kapitu)
Tegese : akeh
lelara
h. Ajrah jroning
kayun (mangsa kawolu)
Tegese : mangsane
kucing gandhik
i.
Wedharing wacana mulya (mangsa kasanga)
Tegese : mangsane
gareng muni, gangsir ngenthir
j. Gedhong minep
jroning kalbu (mangsa sepuluh)
Tegese : akeh kewan
meteng, manuk ngendhok
k. Sotya sinara wedi
(mangsa kasuwelas)
Tegese : mangsane
manuk gloloh
l.
Tirta sah saking sasana (mangsa karolas)
Tegese : mangsa
bedhidhing utawa adhem
Tuladhane rumpaka
liyane upamane kaya ing ngisor iki
a. Dhasar negari
ingkang gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja.
b. Ana tlaga banyune
bening, katon maya-maya biru kaya langit.
c. Tentreme dalu wis
kepara mungkasi. Ireng petenge jagad dadi padhang.
d. Srengengene
mleruk kaya wong lagi susah.
e. Angine midid ing
wit kenari
ngawe-awe
mendhung ing langit Desember
Sansaya
nggamang sansaya ireng
f. Mangsa rendheng
wis nyapa bumi
durung-durung
wis branyak kabar sengsara
ana
banjir tanpa wara-wara
ana
gunung kirim pratandha
ana
lemah jugrug ora aba ora rembug
g. Gara-gara,
kagiri-giri, gara gumita, lindhu prakempa, udan barat salah mangsa, galudhung
guntur ketug, gelap mangampar-ampar.
6. Sanepa
Sanepa yaiku ukara
pepindhan sing ajeg dhapukane, kedadeyan saka tembung kahanan/sipat sinambungan
tembung aran. Sanepa wujude kayadene candra, nanging dhapukane wis pinathok,
yaiku dumadi saka tembung kahanan sing
digandheng karo tembung aran. Sanepa umume dienggo kanggo nyemoni, umume
kanggo nggambarake kahanan. Tuladhane:
a. Balunge atos
debog: balunge empuk banget.
b. Barange aji
godhong garing: barange ora aji banget.
c. Bobote abot
kapuk: bobote entheng banget.
d. Tatune arang
kranjang: tatune kerep banget.
e. Rembunge resik peceren:
omongane rusuh banget.
f. Suwene mijet
wohing ranti: sedhela banget.
g. Eseme pahit madu:
eseme manis banget.
h. Pikirane landhep
dhengkul: pikirane bodho banget.
B. BASA RINENGGA SING DIENGGO ING PARAMASASTRA (TATA KALIMAT DALAM BAHASA)
1) Tembung Saroja
Tembung saroja yaiku tembung loro sing tegese padha lan dienggo bebarengan. Tuladhane: edi peni, gagah prakosa, rahayu widada, lsp.
2) Yogyaswara
Yogyaswara yaiku tembung loro sing meh padha pocapane, mung beda wanda mburine, nduweni teges sepasang/lanang-wadon. Tuladhane: bethara-bethari, dewa-dewei, apsara-apsari, lsp.
3) Kerata Basa
Kerata basa yaiku cekakan (akronim), sawijine tembung dianggep nduwe teges/karep/ maksud tartamtu. Tuladhane, guru (digugu lan ditiru), garwa (sigaraning nyawa), cengkir (kencenge pikir), lsp.
4) Rura Basa
Rura basa yaiku basa sing kleru nanging wis lumrah dienggo. Senajan salah, nangingwis lumrah dienggo, sing dijak omongan ya wis mudheng karepe. Tuladhane, nguleg sambel (kudune nguleg lombok, tomat, Isp), adang sega (kudune adang beras), nggodhog wedang (kudune nggodhog banyu).
5) Tembung Garba
Tembung garba yaiku tembung loro/luwih sing diringkes dadi siji sarana nyuda wandane (suku kata) Tuladhane ana ing (aneng), sarwa endah (sarwendah), Isp.
6) Tembung Entar
Tembung Entar yaiku tembung sing nduweni teges ora sabenere.
Tuladhane, dawa tangan (seneng nyolong), lunyu ilate (omongane mencla-mencle), Isp.
7) Dasanama
Dasanama yaiku tembung sing nduweni teges padha (sinonim).
Tuladhane, omah dasanamane griya, graha, gubug; banyu dasanamane tirta, warih, toya, Isp.
C. BASA RINENGGA ADHEDHASAR PANGANGGONE
1. Purwakanthi
Purwakanthi yaiku
nggandheng tulisan/swara, utawa ngrakit tembung kanthi ngruntutake swarane.
Tuladhane guru sugih guna kawruh, ginugu sagung guneme
(mbaleni wanda (suku kata) /gu/).
Dene jinise purwakanthi ana telu, jlentrehane kaya mangkene.
a.
Purwakanthi guru swara
yaiku mbaleni wanda ing
mburi. Tuladha: giri lusi janma tan kena ingina (mbaleni wanda swara /i/
lan /a/).
b.
Purwakanthi guru sastra
yaiku mbaleni tata tulis
(huruf konsonan)/sastrane.
Tuladha: tata, titi,
tatas tutug (mbaleni tulisan /t/).
c.
Purwakanthi guru lumaksita/guru basa
yaiku mbaleni wanda (suku
kata) utawa tembung sing padha karo sing wis kasebut ing ngarepe.
Tuladha: ana dina ana upa
(mbaleni: tembung ana).
2. Sesanti
Sesanti (semboyan/slogan) yaiku ukara sing isine pepuji utawa
pandonga, tekad sing kuwat, pangarep-arep utawa pituduh kanggo tuntutan urip
ing bebrayan. Umume dienggo dening paguyuban utawa patembayan, “kayadene ing
instansi-instansi pamrentah.
Tuladhane sesantine
pamrentah sing ana ing logo pamrentahan Jawa Timur yaiku “jer basuki mawa beya”,
sesantine warga Surabaya “salam wani”,
sesantine jagad pendhidhikan nasional “tut
wuri handayani” lan sapiturute. Sesanti uga bisa njupuk saka unen-unen Jawa
liyane, upamane “suradira jayadiningrat lebur dening pangastuti”, lan sapanunggalane.
D. NITIKI ISI RERIPTAN SASTRA MAWA BASA RINENGGA
Basa rinengga sing
ana sajrone teks sastra dienggo kanggo sarana pepaes lan nambahi daya sastrane
supaya luwih endah (estetis). Mula, kanggo nitiki basa rinengga kasebut uga
kudu njingglengi makna sing kadhapuk. Carane yaiku:
1) Maca sing setiti,
nggatekake rakitan tembunge
2) Nitiki makna sing ora
salugune/sanyatane. Basa rinengga umume kanggo ndhapuk makna kanthi cara
pepindhan/ ngupamakake, mulane kudu nitiki makna pepindhan kasebut.
3) Negesi makna pepindhan
kasebut kanggo ngerteni makna sing sabenere.
E.
NGGAWE RERIPTAN SASTRA
MAWA BASA RINENGGA
Basa rinengga pancen
rumaket banget karo reriptan sastra. Pancen anane basa rinengga iku bisa
nguripi reriptan sastra, saengga.nuwuhake daya sing maneka werna, upamane dadi
luwih endah/estetis, mula bisa dadi sarana panglipur, bisa nikelake rasa
pangrasa, lan sapiturute. Carane yaiku:
1) Nemtokake arep nggawe
reriptan apa, puisi apa prosa
2) Nemtokake temane
3) Nggawe reng-rengane
4) Mbabar reng-rengan dadi
tulisan kanthi nambahi basa rinengga, lan
5) njingglengi maneh. 'asile,
mriksa maknane lan tata tulis/ejaane.
No comments:
Post a Comment