Tuesday, August 31, 2021

TEKS DHESKRIPTIF

Bola.com

1.    Tegese Teks Dheskriptif

Teks dheskriptif yaiku salah sijine jinis teks wacana adhedhasar tujuwan komunikasine sing digunakake kanggo njelasake samubarang utawa kedadeyan.  Dheskriptif minangka salah sijine jinise wacana, bisa nurunake maneka jinis adhedhasar wujud wacanane. Panganggone wacana dheskriptif upamane kanggo ndheskripsikake wong, kanggo ndheskripsikake barang, lan kanggo ndheskripsikake kedadeyan (deleng Ghufron, 2016:66-67; Chaer, 2014:272; lan Djajasudarma, 2012:12; Djajasudarma, 2010:11). Tujuwan panganggone wacana dheskripsi iki kanggo menehi informasi sing cetha lan jangkep ngenani salah sijine wewujudan (barang utawa kedadeyan). Saliyane iku kanthi anane dheskripsi sing jangkep lan rinci uga bisa narik kawigatene wong liya marang wewujudan kasebut (kanggo mbujuk/persuasi). Tuladhane wacana dheskriptif sing awujud teks upamane teks berita, teks biografi/profil, teks dheskripsi barang, lan sapiturute.

 

2.    Titikan lan Jinise Teks Dheskriptif

Titikane teks dheskriptif yaiku:

a.    isine awujud wacana dheskriptif/nggamabrake.

b.    nggunakake ukara deklaratif

c.    isine asipat obyektif.

d.    nggunakake dhata faktuwal.

Dene jinise wacana dheskriptif/panjelas adhedhasar wujud wacanane bisa diperang dadi enem, yaiku:

a.    wacana klarifikatif, tujuwan ekanggo nerangake,

b.    wacana analitik, tujuwane kanggo njlentrehake,

c.    wacana konfirmatif, tujuwane kanggo negesake,

d.    wacana intensif, tujuwane kanggo nandhesake,

e.    wacana naratif ilustratif, tujuwane kanggo nggambarake, lan

f.     wacana komparatif, tujuwane kanggo mbedakake.

 

3.    Pamangune Teks Dheskriptif

Pamangune teks dheskriptif bisa dibedakake dadi loro, yaiku wangun teks wacana lan wangun kabasan. Jlentrehane ing ngisor iki.

 

a.    Wangune Teks

Wangun teks saka wacana dheskriptif ana telu, yaiku idhentifikasi, klasifikasi, lan dheskripsi. Perangan idhentifikasi isine nggambarake utawa nyethakake apa sing dirembug (sajrone basa lisan) utawa apa sing diandharake (sajrone basa tulis). Tetembungan idhentifikasi luwih gampange bisa diarani tema utawa gambaran umum apa sing didheskripsi. Perangan sabanjure yaiku klasifikasi. Perangan iki isine bageyan-bageyan saka tema sing didheskripsi. Luwih gampange bisa diarani reng-rengan topik pecahan saka tema (kalimat utama, Ind.). Dene perangan dheskripsi yaiku perangan sing isine dheskripsi saka reng-rengan utawa topik sing ana (kalimat penjelas, Ind.).

 

b.    Wangun Kabasan

Wangun kabasan saka wacana dheskriptif yaiku kabeh wujud tembung, frasa, klausa, lan ukara sing ndhapuk anane wacana kanthi utuh. Utuh neng kene tegese yaiku urut, jelas, lan sambung teges utawa makna leksikal utawa graatikale (deleng Ghufron, 2016:32). Salah sijine sing bakal diandharake ing kene yaiku wangun basa ing bab tembung lan tata sajine.

 

1)   Jinise Tembung

Miturut teori tradhisional wujude tembung bisa diperang dadi sepuluh. Teori kasebut sepisanan diandharake dening Aristoteles. 10 jinis tembung kasebut yaiku:

a)    tembung aran,

b)   tembung kriya,

c)    tembung kahanan,

d)   tembung katrangan,

e)    tembung sesulih,

f)    tembung wilangan,

g)   tembung ancer-ancer,

h)   tembung panggandheng,

i)     tembung panyilah, lan

j)     tembung panguwuh (Alwasillah, 2011:38; Prawiroatmodjo, 1955:82).

Sepuluh jinis tembung kasebut, nut pangrembakane ilmu basa, bisa diringkes maneh dadi lima. Sejatine jinise tetep sepuluh, nanging lima liyane diringkes dadi sajinis. Limang jinis tembung kasebut yaiku bakal tembung, tembung aran, tembung kriya, tembung kahanan, lan tembung panggawe. Kanggo nggampangake sinau, mligine kanggo sing lagi anyar ajaran, sinau sepuluh jinis miturut pamawase Aristoteles wae. Sepuluh jinis tembung kasebut diandharake ing ngisor iki siji mbaka siji.

a)    Tembung aran, yaiku tembung kang dadi namane (jeneng, aran, merek) barang utawa apa-apa kang dianggep barang. Tuladhane: omah, buku, kreteg, Semeru, Surabaya, Sukarman, Gunawan Wibisana, pesugihan, kabudayan, panjaluke, pasinaon, kabupaten, lan sapanunggale.

b)   Tembung kriya, yaiku tembung kang mratelakake penggaweyan, tumindak, utawa solah bawa. Tuladhane: mangan, turu, tiba, mati, tresna, ngombe, nulis, macul, mbanyu, mili, lan sapanunggale.

c)    Tembung kahanan, yaiku tembung sig mratelakake kahanane utawa sipate aran. Tuladane: abang, ijo, pinter, gedhe, tuwa, lan sapiturute.

d)   Tembung katrangan, yaiku tembung sing mratelakake katrangan marang saliyane aran. Tuladhane: arep, bakal, lagi, wis, mentas, wingi, emben, mengko, kerep, saparan-paran, sebenere, ora kena, embuh, menawa, mulane, siji-siji, setugel, suwengi, lan sapiturute.

e)    Tembung sesulih, yaiku tembung kang gunane kaggo nyulihi utawa ngganteni nyebut barang. Tuladhane: iki, iku, ika, dheweke, aku, sampeyan, lan sapiturute.

f)    Tembung wilangan, yaiku tembung sing nuduhake wilangan. Tuladhane: siji, loro, slawe, seket, suwidak, eka, dwi, tri, catur, panca, sad, sithik, akeh, kabeh, kapisan, kapindho, lan sapiturute.

g)   Tembung ancer-ancer, yaiku tembung sing mratelakake ancer-ancer, ener, papan, utawa panggonan. Tuadhane: ing, menyang, saka, ndhuwur, antara, ngisor, krana, merga, lan sapiturute.

h)   Tembung panggandheng, yaiku tembung sing nggandheng tembung siji lan tembng liyane. Tuladhane: lan, sarta, tur, mula, supaya, amrih, nanging, ewadene, lir, kadya, kanthi, watara, lan liya-liyane.

i)     Tembung panyilah, yaiku tembung kang mratelakake jukukan. Tuladhane: si, sang, kang, lan sapiturute.

j)     Tembung panguwuh, yaiku tembung sing mratelakake panyeru utawa sabawa. Tuladhane: o, hlo, wah, adhuh, mesakne, hus, jabang bayi, ah, eman, lan sapiturute.

 

2)   Panulise Tembung (Jejeg/Miring)

Swara jejeg lan miring kalebu bab titi swara ing ilmu basa. Ngunekake/ngucapake tembug kanthi cara jejeg utawa miring gumantung panggone aksara swarane. Kanggo nggampangake ngerteni bedane, bisa ndeleng tuladha sajrone dhaftar ing ngisor iki.

Aksara Swara

Jejeg

Miring

a

ana

anak

ula

paku

i

kira

paling

sikat

mulih

u

pupu

asung

upa

warung

é

pepe

seleh

sate

waleh

e (pepet)

wesi

kendhi

o

sekolah

wos

kolam

pojok

 

 

4.    Olah Teks Dheskriptif

Kegiyatan olah teks iki dibage dadi papat, yaiku nggawe teks, njinggleng teks, maca lan micarakakae teks, lan ndudut isine teks. Andharan luwih jangkepe ing ngisor iki.

 

a.    Nggawe Teks Dheskriptif

Nggawe teks dheskriptif luwih gampang tinimbang nggawe teks liyane, apa maneh teks sastra kayadene teks naratif. Ing ngisor iki diandharake tata carane nggawe teks dheskriptif.

1)   Nemtokake tema lan topik.

2)   Nglumpukake dhata faktuwal kanthi cara ngidhentifikasi samubarang sing bakal didheskripsiake.

3)   Nggawe reng-rengan saka topik, yaiku mantha bakune gagasan saka isen-isene topik.

4)   Ndheskripsiake saben pepanthan kanthi katrangan sing jangkep adhedhasar dhata faktuwal sing wis diklumpukake sadurunge.

Sing kudu digatekeke sajrone nggawe teks yaiku ngerteni pamangune teks kanthi utuh. Perangan sing luwih cilik yaiku tembung, kumpulane tembung dadi ukara. Kumpulan ukara kasebut dadi wacana. Sing bisa ngiket kabeh mau yaiku kaslarasan teges lan makna kang kaiket karo sawijine topik utawa bakune gagasan (deleng Poerwadarminta, 1984:33).

 

b.   Njinggleng Teks Dheskriptif

Sawise teks kasil digawe, sing kudu ditindakake sabanjure yaiku njinggleng teks. Njinggleng neng kene yaiku ngoreksi, ndandani, lan ngowahi teks. Dhasar sing digunakake kanggo ngingglengi teks kasebut diandharake ing ngisor iki.

1)   Tata tulis lan ejaane, yaiku  njinggleng menawa ana sing kliru nulise, kurang aksarane, luwih aksarane, lan sapiturute. Upamane tembung ‘cocog’ kliru nulis ‘cocok’, ‘padha’ kliru dituis ‘pada’, ‘ngerteni’ kliru ditulis ‘mangerteni’, ‘ana’ kliru ditulis ‘ono’, ‘digunakake’ kliru ditulis ‘digunaake’, ‘yaiku’ kliru ditulis ‘yikuu’, ‘njinggleng’ kliru ditulis ‘njingnggleng’, lan sapiturute.

2)   Tandha wacane, yaiku njinggleng tandha waca sing dienggo, klebu cara panulise kudu bener. Upamane tandha mandheg (titik, patanya, seru), koma, garis miring, titik loro, titik koma, kutip,  lan sapiturute.

3)   Teges leksikal utawa gramatikale, yaiku njingglengi teges utawa makna saka rerakitane tembung sing dienggo, rerakitane ukara, lan rerakitane pada/paragrafe.

 

c.    Maca lan Micarakake Teks Dheskriptif

Trampil basa nduweni patang jinis, salah sijine yaiku maca lan micara. Minangka katrampilan, mung bisa diduweni menawa kerep ngenggo kanthi cara ngulinakake utawa ngakehi gladhen. Katrampilan basa uga dipangaribawani saka wawasan lan pengalamane panganggo basa. Sajrone maca, kita mesthi wae kanthi ndeleng, njingglengi, lan ngerteni aksara-aksara sing ndhapuk basa kanthi utuh. Salah sijine jinis maca sing cocog kanggo macakake teks dheskriptif yaiku maca seru (oral reading). Maca seru yaiku maca kanthi pamacan sing jangkep lan nggunakake wirama/intonasi sing cetha lan genah. Tata cara gladhen maca sing apik yaiku:

1)   gladhen olah vokal,

2)   sinau wirama/intonasi, lan

3)   titise pangucap.

Dene katrampilan micara sajrone wacana dheskripsi bisa disinaoni kanthi ngerteni apa sing bakal dikandhakake, yaiku isine wacana kasebut. Cara sing digunakake sajrone ndheskripsikake samubarang yaiku:

1)   ngerteni tema lan topike,

2)   ngerteni balungan utawa reng-rengan perangane topik,

3)   nggunakake solah bawa sing trep (gandhes, luwes, mesthes, nandhes, lan pantes), lan

4)   trampil olah cakrik basa (pilihan tembung, wirama, titise pangucap).

Intine sajrone wicara sing apik, kudu ngerteni sapa sing ngomog, sapa sing dijak ngomong, apa sing diomongake, lan kepiye swasanane. Dene teknik sing kudu diduweni wong sing micara yaiku among cipta (nalar/logis), among swasana (adaptif), among rasa (etis, empatis, lan estetis), lan among raga (tampilan).

 

d.   Ndudut Isine Teks Dheskriptif

Saliyane nulis lan micara minangka jinise trampil basa sing asipat prodhuktif, ana rong jinis trampil basa liyane nanging asipat reseptif, yaiku nyemak lan maca. Amarga sipate reseptif, mesthi wae wong sing maca utawa nyemak oleh kawruh utawa sesurupan anyar saka apa sing ditindakake. Nalika maca utawa nyemak wacana dheskriptif, kita bakal oleh kawruh ngenani samubarang sing didheskripsikake. Supaya bisa luwih patitis utawa optimal anggone nampa kawruh kasebut, mesthi wae anggone maca utawa nyemak kudu tumemen, saengga bisa nggawe dudutan sing pener. Ing ngisor iki salah sijine cara supaya anggone ndudut isine wacana dheskriptif bisa pener.

1)   njinglengi tema lan topik sing diwedharake kanthi lisan utawa tulis,

2)   ngerteni bakune gagasan saben pada utawa saben bageyan omongan,

3)   nggatekake dhata faktuwal sing diwedharake sajrone bageyan-bageyane wacan kasebut, lan

4)   nyundhukake apa sing diwaca utawa disemak karo kahanan sing ana ing bebrayan adhedhasar kawruh utawa pengalaman sing diduweni sadurunge.