A. MAHAMI BABAGAN WAYANG
Wayang
iku pagelaran nganggo bonekah lan dilakokake dening dhalang kanthi iringan
gamelan. Bonekah kasebut bisa awujud rong dhimensi utawa telung dhimensi.
Umume, kang wujud rong dhimensi kagawe saka kulit (walulang) kang biyasane
kulit sapi utawa lembu. Manut kemajuane jaman, ana wayang kang migunakake media
digital, diarani e-wayang.
Crita
kang dilakonake dijupuk saka epos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut
wayang purwa. Pagelaran iki Mmisuwur ing tanah Jawa. Ing pagelaran iku wayang
ditancepake ing debog ing sisih tengen lan kiwane dhalang. Ing tengah, critane digelar.
Sedina sewengi lakon diwedhar.
1. Sastra Wayang
Sastra
wayang yaiku jinise sastra Jawa Kuna kang nampilake kisah tokoh-tokoh wayang
kang sumbere saka Ramayana lan Mahabharata. Cacahe sastra wayang ana akeh.
Sebageyan gubahane awujud tembang macapat lan prosa. Dene, sastra kapujanggan
yaiku karya sastra kang kaanggit utawa karipta dening pujangga, wong kang
mumpuni babagan sastra. Adhedhasar isine bisa kaperang dadi mangkene.
a. Lakon/pewayangan
b. Piwulang
c. Sastra/babad/sejarah
d. Suluk/mistik
e. Novel/roman, cerkak, cerbung
2. Crita Wayang
Gambar perjalanan hidup manusia
Serat
lakon yaiku buku kang ngemot babagan crita wayang. Ana ing kabudayan Jawa, wayang
mujudake gambarane manungsa, wiwit lair tumeka matine, uga panggonan ing alam
kelanggengan. Mula, sajroning pagelaran wayang kulit tansah ngemot tontonan, tuntunan,
lan tatananing urip.
Sumber
carita wayang saka Ramayana lan Mahabharata. Lakon wayang maneka warna cacahe
kaya mangkene.
- Lebet (Dewa
Ruci, Bima Suci, Arjunawiwaha).
- Lair,
raben/alap-alapan (Partakrama, Alap-alapan Dewi Surtikanthi, Dewi Sukest).
- Wahyu
(Cakraningrat, Makutharama, Tri Purba Sejati).
- Ruwatan
(Sudamala, Murwakala).
- Crita
banjaran lan liya-liyane.
3. Sejarah Wayang
- Agama Hindu
nggawe crita wayang Ramayana lan Mahabarata
- Banjur digawe
gagrag Jawa
- Wayang
sumebar nalika jaman Majapahit
- Wayang dienggo
nyebarake agama Islam dening Wali Sanga
4. Jinising Wayang
Wayang
iku seni pertunjukan kang critane saka Ramayana, Mahabharata, utawa Serat
Menak. Wayang wis diakoni dening UNESCO yaiku karya cipta kang endah lan nengsemake
saka critane, wayangane, lan dadi warisan kang banget agunge.
a.
Wayang purwa
Wayang
purwa uga kasebut wayang kulit amarga digawe saka kulit lembu utawa sapi.
Sumbering crita saka Ramayana lan Mahabharata kanthi basa Jawa Kuna ana ing
jaman Raja Jayabaya.
b.
Wayang golek
Wayang
golek uga akeh wong sing ngarani wayang thengul. Wayang iki digawe saka kayu
lan diklambeni kaya dene manungsa. Sumbering crita kajupuk saka sejarah, kayata
crita Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya, lan
sapanunggalane. Crita wayang iki uga bisa kajupuk saka dongeng tanah Arab.
Wayang golek ora nganggo kelir utawa layar kaya dene wayang kulit.
c.
Wayang krucil
Wayang
krucil utawa wayang klithik yaiku wayang kang digawe saka kayu, kang wujude
padha karo wayang kulit. Wayang iki duweni ciri khas. Menawa ditanggap ora nganggo
gedebog tancepane, nanging nganggo kayu kang wis dibolong-bolongi. Crita kang
kerep ditanggapake yaiku Damar Wulan Ian Majapahit.
d.
Wayang beber
Wayang
beber yaiku wayang kang digawe saka kain utawa kulit lembu kang awujud beberan
(lembaran). Saben beberan iku gambarake saadegan crita. Menawa wis rampung
dilakonake, beberane digulung-.maneh.
5. Wujude Serat Jawa
Miturut wujude serat Jawa
Kuna kaperang dadi telu, yaiku Serat Ramayana, Mahabharata, lan Uttarakanda.
- Serat
Ramayana
Ramayana dumadi saka basa Sansekerta.
Ramayana utawa lelakune sang Rama minangka salah siji wiracarita saka tlatah
India. Wiracarita Ramayana nyritakake Dewi Sinta, garwane Sri Rama kang
kadustha dening Rahwana. Kitab iki dianggep buku fiksi paling tuwa sadonya. Ditulis
dening Empu Walmiki, kira-kira ing taun 300 sadurunge Masehi. Crita Ramayana
banjur nyebar lan akeh banget variasine kang ana ing India dhewe lan nagara
liyane.
- Serat
Mahabharata
Serat
Mahabharata yaiku serat kang wose nyritakake lakune trah Kuru nalika rebutan
Nagara Astinapura. Umume lakune Pandhawa lan Kurawa. Serat iki dianggit dening
Resi Wahana awujud gancaran (narasi).
- Uttarakanda
Awujud gancaran, anggitane jaman Prabu
Darmawangsa Teguh taun 991-1007, wose yaiku leluhure Dasamuka, laire Dasamuka,
lan anggone clunthangan. Critane Arjunasasrabahu, lelakone Sinta ana ing
prapatan amarga katundhung lajeng kaakep bumi sawise peputra kembar Kursa lan
Lawa. Rama seda amarga ngenes.
1. Paraga Wayang ing Crita Ramayana
Paraga
kang ana ing crita wayang Ramayana kaya mangkene.
|
Dasanama :
Rama Legawa Kasatriyane : Pancawati Gaman :
Panah Gunawijaya Watek :
Bela kautaman, belani tumindak leres, jejgaken prakawis kanthi adil, ngayomi para
brahmana miwah para kawula Garwa :
Dewi Sinta Patih :
Narpati Sugriwa |
|
Dasanama :
Dewi Janaki Kasatriyane : Mantili Gaman :
Ora kobar ing dahana Watek :
Setya dhateng garwa, temen, prasaja, sabar, lan narima |
|
Dasanama :
Anjani putra, Bayudara, Kapiwara, Palwaga Seta,
Maruti, Ramanda, Dayapati, Bayusiwi, Guruputra, Yudawisma, Maruta, Prabancana, Resi Mayangkara Kasatriyane : Kendhalisada Gaman :
Aji sepiangin, aji pameling, aji Mundri Watek :
Santosa ing tekad, jujur, kendel, bekti lan setya dhateng Gusti. Kadigdaya : Menawa mlampah kaya angin, gampang mangerteni menawa dibutuhake astanipun ngedab-edabi. |
|
Dasanama : Rahwana, Wisrawaputra, Sukesiputra, lan Dasawanda Kasatriyane : Alengka Gaman/Aji-aji : Pedhang mentawa/Pancasona
Watek :
Sumongah sesongaran, wengis, Ian kejem Patih :
Prahastha Kadigdayan : Angel pejahipun jalaran sirahe sedasa |
|
Dasanama : Widagda lan Sumitratmaja Kasatriyane : Girikastuba Gaman/Aji-aji : JemparingNaracabala,
Panah Banuwastra/ Rajah Kalacakra, mantra Kalacakra Watek :
Jujur, bektimarang sadulurtuwa, santosa ing tekad, tansah bela ing kabecikan,
jejegake prakara kanthi adil, ngayomi saha seneng pitulungan Garwa :
Wadat |
|
Dasanama : Megananda Kasatriyane : Bikukungpura Gaman/Aji-aji : Panah Wijalita saged
ngedalaken latu, Panah Rante Wimahanasha saged ngedalaken wisa, Panah Nagapasa saged
dadi sawer maewu- ewu/Aji sirep Kadigdayan : Bisa naklukake ratu-ratu jajahan, bisa mabur,
saha nyipta kembranipun maewu-ewu Watak :
Sumonggah sesongaran, kendel, lan ' santosa ing tekad Rama : Prabu Dasamuka Ibu : Dewi Sumbagawati Garwa : Dewi Indraningrum |
2. Struktur Teks Fiksi
Teks
crita fiksi yaiku karya sastra kang wose crita rekan utawa adhedhasar angen-angen
(fantasi) Ian ora saka kadadeyan nyata, namung adhedhasar saka imajinasine pangripta.
Dene, struktur teks fiksi kaya mangkene.
a.
Orientasi. Sudut pandang/pamawas lan
pengenalan utawa tetepungan. Maksude pamawas utawa tetepungan karo
tokoh/paraga, latar, lan prakara/prastawa sing ana sajrone wacan fiksi.
b.
Komplikasi. Tegese wis ana prakara sing
bakal dadi underan/pokok lan dadekake aluring crita.
c.
Klimaks. Prakara wis nambah ngambra-ambra
Ian ruwet.
d.
Resolusi. Prakara wis nemokake dalane
kanggo ngrampungi.
e.
Reorientasi. Pamawas ulang yen ana.
f.
Koda/amanat. Arupa panutup, bisa
dudutan/simpulan, nilai budi pekerti sing bisa didudut saka isine crita,
amanat, utawa pesen.
TEKS WAYANG
Gathutkaca
Gugur
Kacarita,
Perang Bharatayuda wis ngancik ari sing kaping limalas. Perang sing vis kelakon
pirang-pirang dina iki wis ngorbanake ewonan prajurit saka Pandhawa uga
<urawa. Malah-malah, satriya-satriya pinunjul sing dadi senapatine perang
uga ana sing nis gugur. Raden Utara, Raden Wiratsangka, Resi Seta, lan Raden
Abimanyu wis gugur pebela Pandhawa. Dene para senapati lan satriyane Kurawa
kang wis gugur, yaiku Resi Bisma, Raden Lesmana Mandrakumara, Burisrawa, lan
Jayadrata. Pandhawa apa dene Kurawa padha ngungun, padha-padha anggone nandang
kingkin.
Wengi
iki ing pesanggrahan Buluhpitu, Prabu Duryudana lungguh jejer klawan Patih
Sengkuni. Dene kang lungguh ngadhep sang Nata Ngastina nenggih Prabu Salya,
Resi Krepa, lan Adipati Karna. Prabu Duryudana katon kumel lan kucem pasuryane.
Sejene wis kelangan putrane, Raden Lesmana Mandrakumara, Sang Prabu uga grantes
amarga cacah sedulure Kurawa kang sansaya suda. Kurawa kang cacah satus, ing
ari iki amung kari sangalas kalebu Prabu Duryudana.
Sanajan
kahanan kaya mangkono, ora ngendhani anggone para Kurawa nindakake culika
marang Pandhawa. Tumindak julik kepara sansaya dadra. Ing pasanggrahan mau,
para punggawa Kurawa padha rembugan lan mutusake ngangkat Adipati Karna dadi
senapati perang. Anggone Adipati Karna madeg senapati supaya bisa miwales lan
age-age numpes para Pandhawa.
Wengi
iku perang campuh tan bisa dikendhani. Bregada raseksa padha adu kadigdayan
atose balung lan kandele kulit. Obor ing tangan kiwa, dene pedhang apa dene
tombak ing tangan tengen. Katon urube obor kang mobat-mabit manut olah kridhane
para prajurit. Gegaman kang tempuk nalika disabetake ngasilake swara pating
carengklang pating carengkling. Siji baka siji prajurit kang ketaman gaman
padha rubuh.
Olah
kridhane sang senapati Pringgodani, nenggih Raden Gathutkaca agawe giris tumrap
kang ngadhepi. Wis ora ketung maneh prajurit mungsuh kang wis gugur ing tangane
Gathutkaca. Semana uga, Senapati Karna ora amung meneng bae. Cukat trengginas
anggone olah jemparing, mungsuh kang ngadhepi bakal rubuh sanalika.
Kocap
kacarita, Raden Gathutkaca wis ayun-yunan klawan Adipati Karna. Kekarone banjur
adu kasekten lan kadigdayan. Padha-padha sekti, padha-padha digdaya. Ananging,
sasekti-sektine manungsa mesthi duwe daya pengapesan. Pancene Adipati Karna iku
lantip, emut lelakon kawuri nalika laire Raden Gathutkaca. Puser si jabang bayi
Gathutkaca amung bisa dikethok nganggo keris Kunta Wijayandanu peparinge dewa.
Amarga ana kaluputan, kang digunakake kanggo ngethok amung warangka keris lan
warangka kasebut angslup ing angganing si jabang bayi, dene kerise diagem dening
Adipati Karna.
Raden Gathutkaca bali ayun-yunan lawan Adipati Karna. Nanging apes tumrap Gathutkaca. Dneweke lena lan ketaman keris Kunta Wijayandanu pener ing jajane. Nalika gugure, Gathutkaca rubuh nibani para prajurite Kurawa. Merga gedhene awak, ewonan prajurit Kurawa kang karubuhan anggane Raden Gathutkaca melu gugur sanalika. Saengga, sanadyan Gathutkaca gugur, dheweke kasil numpes luwih akeh prajurit mungsuhe.
GLADHEN
liveworksheets.com