gasbanter.com |
Tembang
Macapat mujudake tembang cilik kang macane kanthi cara medhot patang wanda
patang wanda. Tembang macapat mujudake sawijine jinis tembang kang kaiket
dening paugeran guru gatra, guru wilangan, guru lagu, lan watak tembang.
Tembang macapat ing desa-desa kerep ditemoni ing adicara wilujengan kayadene
adicara lairan, manten, bisa uga ing kesripahan.
2.
Jinis-jinise Tembang Macapat
Tembang macapat kaperang dadi 11 jinis, ing antarane:
Maskumambang, Mijil, Sinom, Kinanthi, Asmaradana, Gambuh, Dhandhanggula, Durma, Gambuh, Megatruh, Pucung.
3.
Pamangune Tembang Macapat
a.
Wangune Tembang
Tembang macapat
mujudake sawijine jinis tembang kang kaiket dening paugeran guru gatra, guru
wilangan, guru lagu, lan watak tembang. Guru gatra yaiku cacahe larik saben
sapada. Guru wilangan yaiku cacahe wanda saben sagtra. Guru lagu yaiku
dhong-dhinge swara ing pungkasane gatra. Anggene nggawe tembang macapat ora
oleh sakarepe dhewe, nanging kudu manut paugeran sing wis gumathok. Paugeran kasebut
bisa dideleng kaya ing tabel ngisor iki.
JENENGE
TEMBANG |
CACAH GATRA |
GURU
WILANGAN LAN GURU LAGU |
|||||||||
I |
II |
III |
IV |
V |
VI |
VII |
VIII |
IX |
X |
||
PUCUNG |
4 |
12u |
6a |
8i/e |
12a |
|
|
|
|
|
|
MASKUMAMBANG |
4 |
12i |
6a |
8i |
8a |
|
|
|
|
|
|
MEGATRUH |
5 |
12u |
8i |
8u |
8i |
8o |
|
|
|
|
|
GAMBUH |
5 |
7u |
10u |
12i |
8u |
8o |
|
|
|
|
|
KINANTHI |
6 |
8u |
8i |
8a |
8i |
8a |
8i |
|
|
|
|
MIJIL |
6 |
10i |
6o |
10e |
10i |
6i |
6u |
|
|
|
|
PANGKUR |
7 |
8a |
11i |
8u |
7a |
12u |
8a |
8i |
|
|
|
DURMA |
7 |
12a |
7i |
6a |
7a |
8i |
5a |
7i |
|
|
|
ASMARADANA |
7 |
8i |
8a |
8e/o |
8a |
7a |
8u |
8a |
|
|
|
SINOM |
9 |
8a |
8i |
8a |
8i |
7i |
8u |
7a |
8i |
12a |
|
DHANDHANGGULA |
10 |
10i |
10a |
8e |
7u |
9i |
7a |
6u |
8a |
12i |
7a |
WATAK LAN SASMITANING TEMBANG MACAPAT
JENENGE
TEMBANG |
WATAK
TEMBANG |
SASMITANING
TEMBANG |
|
PUCUNG |
gregeten kendho |
kaluwak,
pucung |
|
MASKUMAMBANG |
nlangsa, ngeres-eresi, |
maskinambang,
kenthir, timbul, kumambang |
|
MEGATRUH |
prihatin, sedhih, getun |
pegat,
pegat-pegat, duduk, truh |
|
GAMBUH |
sumanak,
pitutur rada sereng |
gambuh,
nggambuh, tambuh, tumambuh |
|
KINANTHI |
seneng, tresna |
kanthi,
kekanthen, angranti, kanthet, ginandheng |
|
MIJIL |
Prihatin |
mijil,
wijiling, wiyos, wetu, rarasati, |
|
PANGKUR |
sereng, nepsu |
juda,
kanaka, mingkur, mingkar-mingkur, wuri, pungkur, wuntat, kawuntat |
|
DURMA |
sereng, nepsu |
ngunduri,
durmuka, durcara, duraka |
|
ASMARADANA |
sedhih lan prihatining asmara |
brangti,
brangta, kingkin, asmara, kasmaran |
|
SINOM |
canthas, ethes |
nom,
anoman, ngenomi, taruna, roning kamal, logondhang, weni, srinata, pangrawit |
|
DHANDHANGGULA |
ngresepaken, luwes |
memanise,
manis, sarkara, madu, artati, guldrawa, gula, dhandhang, gagak |
b. Wangun Kabasan
Wangun kabasan saka tembang kreasi lan tembang macapat
yaiku anane tembung wancahan lan tembung camboran. Penganggone rong tembung iki
lumrahe digunakake kanggo ngepasake cacahe wanda, mligine ing tembang macapat.
1) Tembung Wancahan
Tembung wancahan yaiku tembung sing
diwancah utawa dicekakake. Tuladhane: rumiyin dadi riyin, dhateng dadi teng,
punika dadi nika, lst.
2) Tembung Camboran
Tembung camboran utawa kata majemuk yaiku tembung loro
utawa luwih sing digandheng dadi siji lan tembung mau dadi tembung anyar sing
tegese uga melu anyar. Sing dikarepake teges anyar yaiku tegese tembung mau
beda karo tegese tembung nalika isih awujud tembung lingga. Tembung camboran
bisa diwuduhi imbuhan apa wae. Tembung camboran bisa dibedakake dadi loro,
yaiku camboran wuwuh lan camboran tugel.
a) Tembung Camboran Wutuh
Tembung camboran wutuh yaiku tembung
camboran sing dumadi saka tembung-tembung sing meh wutuh. Tuladhane: semar
mendem, nagasari, randha royal, lsp
b) Tembung Camboran Tugel
Tembung camboran tugel yaiku tembung
camboran sing dumadi saka tembung sing isih wutuh lan tembung wancahan, utawa
kabeh tembung camboran iki dumadi saka tembung wancahan. Tuladhane: dubang saka
tembung idu + abang, botrepot saka tembung abaot+repot, naksanak saka tembung
anak+sanak.
6.
Tata Cara Nggawe Tembang
Nalika durung kulina ngarang tembang, wis mesthi
sadurunge ngiket tembang, kudu direng-reng pokok-pokok bab sing arep dikarang,
banjur digawe ukara gancaran sing urut runtut. Yen wis dadi gancaran, banjur
kudu diothak-athik kaiket dadi tembang, nanging kudu eling prekara-prekara sing
ora kena ditinggal kayata:
a) Guru lagu lan guru wilangane
b) Ora perlu ngarang tembang kanthi ngadhep bausastra kanggo nggoleki tembung-tembung sing cocog karo guru lagu lan guru wilangan
c) Ora perlu nggunakake tembung-tembung sing angel utawa ndakik-ndakik,
luwih becik nganggo tembung sing prasaja wae
d) Oleh nganggo tembung Kawi, ning gunakna tembung Kawi sing lumrah tur aja
nganti kakehan
e) Bisa ngulur utawa ngunkred tembung (tembung wancahan & tembung
camboran)
f) Wenang nganggo baliswara
g) Sabisa-bisane pedhotane tiba ing pungkasane tembung, aja nganti ing
tengah-tengah tembung
h) Sabisa-bisane saben sapada mengku sandhegan gedhe, tegese surasane wutuh
i) Luwih becik Manawa nganggo basa karma, kabeh kudu nganggo basa karma
j) Luwih becik maneh yen nggunakake purwakanthi swara, sastra, utawa
purwakanthi tembung
k) Kanggo pangeling-eling, bisa diwenehi sandhiasma utawa sengkalan
7.
Tata Cara Nggancarake Tembang
Minangka ancer-ancer, menawa arep nggancarake tembang,
luwih becik ngeling-eling bab-bab ing ngsior iki:
a) Cakepan tembang kudu diwaca tumemen
b) Iketane ukara kaothak-athik kaya dene ing
ukara dhialog, ora perlu urut kaya gatrane tembang, nanging aja ngenti adoh
saka underan isine tembang
c) Tembung-tembung Kawi kudu ditegesi luwih dhisik supaya ngerti maksude tembang
Salah siji tuladhane tembang macapat
No comments:
Post a Comment