dening Sendang Nita
Awang uwung dadi patemon
antarane lintang lan rembulan kang lagi nandang iba. Swara kewan ing wayah
lingsir uga nyingidake maksud sing padha. Kabeh nyekseni dleweran waspane kenya
manis kang lungguh ing emper ngarep cedhak cendhela. Wengi kuwi dheweke katon
ora kaya padatan. Ora sumringah, ora doyan mangan, apa maneh nandangi gaweyan.
Sajak ana sing muntir, kang njalari ruweting pikir. Dhasar Arimbi, mahasiswa UNY
jurusan seni tari. Wateke kalem, lan pasuryane nengsemake ati.
“Ana
apa ta Mbi? kawit mau kok sajake suntrut kebak pikiran,” takone Mira.
“Ora ana apa-apa Mir.
Garapanmu kawit mau kok durung rampung. Butuh ewang, ta?,” tawane Arimbi.
“Halah
Mbi, ora usah nyelemur neng bab liya ta. Aku iki takon. Wangsulana!
“Wis, ta
Mir ora ana apa-apa. Uwis, ora usah kuwatir.”
“Ya ora ngono, Mbi. Awake
dhewe iki kanca. Padha-padha wong perantauan, adoh saka wong tuwa.
Sabisa-bisane ya bantu-biyantu.”
Arimbi lan Mira padha-padha
mahasiswa UNY sing isih semester papat nanging beda jurusan. Umure watara 19
taun. Bocah loro kuwi wis meh rong taun urip bebarengan tunggal papan, yaiku
kos mawar ing dhaerah Yogyakarta. Watak watune Saben-saben ana masalah, Mira
mesthi crita. Semono uga Arimbi, nyritani bab sing perlu dicritakake marang
Mira. Nanging wengi kuwi tansah ana sing beda. Arimbi nyingidake bab sing dadi
ruweting pikir. Kanggone Arimbi, perkara apa wae sing dumadi marang dheweke,
kudu bisa diprantasi dhewe tanpa nyusahake liyan.
“Aku kudu piye? Dhuwit sepuluh juta saka beasiswa
kuliyah lan sangu saka ibu saiki wis amblas. Untunge kanggo mangan sabendina
aku isih nyekel dhuwit. Arep adol barang, ya wis ora ana sing didol. Nyuwun
sangu ibu maneh? Ah! Aku ora tega. Sing neng omah paribasan malik sirah dadi
sikil, sikil dadi sirah. Pontang-panting mrana mrene golek utangan kanggo
nyukupi kebutuhan, kanggo nyangoni aku. Adhuh Bu, Ibu. Ngerti ngene aku ora
usah kuliyah. Nyambut gawe neng luwar negeri, tuku sawah, mbangun omah, ngragarti
sekolah SMA lan SMP-ne Dhik Jani lan Tira. Penak! Ibu ora prelu dadi buruh
umbah-umbah, bapak ora prelu dadi tukang tatah. Howalah nasib, nasib, kepengin
nduwe laptop wae direwangi kena hipnotis barang. Pungkasane ora bisa mbayar SPP
kuliyah. Nganti rong sasi maneh aku ora ngolehke dhuwit limang juta, klakon
kena DO. Njur aku kudu piye?,” batine Arimbi.
Wengi
wis meh lingsir. Hawa tansaya adhem merga polahe angin sing ngrasuk ing
balung-balung sungsum. Arimbi isih durung nduwe krenteg kanggo mlebu menyang
kamare. Dheweke isih ngupaya golek cara supaya perkarane ora tambah dawa.
Kanthi riyip-riyip, panyawange tumuju marang konang kang lagi kiteran ngalor
ngidul. Tanpa dirasa, Arimbi angslup ing alam pangimpen.
Wayah
esuk, watara tabuh 06.30 Arimbi mlaku budhal kuliyah kanthi praupan sing
digawe-gawe supaya sumringah. Dheweke papasan karo pawongan bagus, gedhe dhuwur,
irunge mbangir, ambune wangi, kulitane kuning resik. Prasasat kaya Janaka ing
paraga wayang. Ngetarani banget yen kuwi wong pinter, wong pendhidhikan. Wektu
nuduhake tabuh 06.45. Limalas menit maneh, pasinaon diwiwiti. Sadurunge mlebu
klas, Arimbi lungguh ing badhug sing jarake kira-kira rong meter karo priya
kuwi. Dheweke mbatin, yen wong bagus lan pinter kaya ngono mesthi dadi
idham-idhamane para wanita kalebu dheweke.
“Mung
merga kuwi, aku koktinggal? Saiki daktagih, Mas. Balekna!“ ujare wanita sing
lagi karo Pandu.
Ora
sengaja Arimbi krungu cecaturane wong loro kuwi. Ora sengaja uga, dheweke
ngerti jenenge priya bagus kuwi, Pandu. Arimbi mesam-mesem tanpa preduli karo
wanita sing cecaturan karo Pandu mau. Bakune dheweke seneng, lan saora-orane
kedadeyan esuk kuwi bisa nambani seprapat dukane.
“Sampeyan
Arimbi, ya? Jurusan tari semster papat? Bener?,” pitakone Pandu.
“Leres,
Mas,” semaure Arimbi karo mesem semu isin.
“Aku
Pandu, Mas angkatane sampeyan semester wolu,” bacute Pandu simabi nyalami
Arimbi.
“Sssampeyan
kok tepang kalihan kula, Mas?”
“Ora
usah ngono ta Dhik. Biyasa wae. Hmm sapa sing ora kenal karo sampeyan?
Safakultas iki kira-kira wis dha ngerti yen sampeyan jenenge Arimbi, bocah
kuning, manis saka kutha Nganjuk.”
Saiba
senenge Arimbi kepethuk, kenalan, lan salaman karo Pandu. Apa maneh dheweke
dialembana yen kuning lan manis. Dheweke ngrasakake rasa sing beda nalika
kenalan karo Pandu. Sajak ana getering tresna. Nanging ora wani medharake.
“Dhik,
mengko bali saka kuliyah ketemu aku neng parkiran, ya. Ana sing pengin
dakomongake karo sampeyan,” ajake Pandu.
“Inggih,
Mas. Menawi mekaten kula tinggal rumiyin dhateng klas rumiyin.” Semaure Arimbi.
Jam
kuliyah wis rampung. Arimbi lan Pandu pethukan ing parkiran. Persis kaya sing
diomongake Pandu esuk mau. Rasa penasarane Arimbi kajawab. Ing kono, Pandu
ngajak Arimbi ngadani panliten Kreativitas
Mahasiswa, sing ana saben taune. Panliten sing dikarepake Pandu yaiku
panliten sendratari sing bisa ningkatake daya psikis penarine, ing salah sijine
sanggar seni Yogyakarta. Kandhane Pandu, menawa panliten kasebut klebu seleksi
lan menang, bisa ngolehake bebungah arupa dhuwit gedhene 25 yuta. Bab
panliten-panliten kuwi wis dingerteni dening Arimbi yen pancen ana lan dheweke
wektu semester telu biyen tau ngadani panliten uga, nanging durung bisa tembus.
Tanpa mikir dawa, Arimbi sarujuk karo Pandu.
“Sesuk
ya Dhik, tabuh 21.00 daksusul menyang kosmu. Awakedhewe langsung terjun menyang
sanggar,” ajake Pandu.
“Namung
kita, Mas? Hla anggota lintunipun kadospundi? Menapa mboten dipunajak?”
“O
iya, aku lali arep ngandhani kowe. Loro anggota liyane iki saka fakultas liya.
Sijine isih menyang luwar kutha, lan sijine isih nandang lara. Dadi ora bisa
langdung di ajak, Dhik,” panjlentrehe Pandu.
“Owalah,
inggih, Mas. Menawi mekaten kula ndherek mawon.”
***
Ganep
telung minggu, Pandu lan Arimbi ngleksanani panliten. Ya mung wong loro kuwi,
amraga anggota liyane isih padha kaya sing dikandhakke Pandu kawitan. Ing
sanggar kuwi Arimbi meruhi priya sing ora kalah bagus karo Pandu. Jenenge
Yudha, jangkepe Baratayudha. Bedane karo Pandu, Yudha katon luwih sopan karo
wong wanita. Yudha sing gawene nulungi Arimbi nalika mbutuhake samubarang
sesambungan karo panlitene. Dheweke uga ora sungkan crita-crita marang Arimbi.
Kalorone wis kaya kenal suwe. Arimbi uga tansah gayeng nalika cecaturan karo
Yudha. Wengi kuwi, Yudha nguntabake rasane menyang Arimbi. Tanpa dingerteni
Pandu. Dheweke kepengin Arimbi dadi katresnane. Nanging, Arimbi durung bisa
langsung mangsuli. Dheweke butuh wektu. Isih akeh sing dadi ruweting pikir,
utamane beya kanggo nglunasi SPP.
“Hlo
Mas, badhe menyang pundi? Sanggar arahipun nengen, mboten ngiwa,” ujare Arimbi.
“Menenga!
Aja kakehan takon! Kowe kudu manut!”
“Mas,
sampeyan kok dados kasar ngaten ta Mas. Sampeyan rak mboten neka-neka, ta
Mas?,” Arimbi wiwit keweden.
“Menenga!”
Arimbi
lan Pandu teka ing salah sijine montel kang manggon ing Yogyakarta. Bocah loro
kuwi mlebu ing kamar montel. Pandu meksa Arimbi menehake kabeh dhuwite. Arimbi
selak, merga dheweke pancen ora nduwe dhuwit kajaba dhuwit pas-pasan kanggo
mangan sabendina.
“Howalah
Mas, hla wong kula nampi ajakan sampeyan nliti panliten niki supados angsal
arta. Kok malah sampeyan suwuni arta. Nggih mboten gadhah, Mas, “ pranyatane
Arimbi.
Pandu
panggah meksa Arimbi supaya menehi dhuwit. Yen ora, Arimbi kudu nyuguhake awake
kanggo ngingoni nepsune Pandu. Wengi kuwi Arimbi kaya-kaya ketekan bangsa
singa, celeng, lan sardula sing dadi siji neng awake Pandu lan keluwen njaluk
pakan. Arimbi banget keweden. Dheweke ora bisa njerit, merga dibungkem dening
Pandu. Maneka cara dilakoni supaya bisa uwal saka bekasakane Pandu.
“Hayoo,
wong ayu, arep menyang endi, kowe he? Kowe ora bisa selak! Kowe kudu dadi
pacarku! Gelem ora he? Hahahah kowe ora bisa mangsuli. Neng endi wae paranmu
bakal dakjaluki wangsulan, wong ayu. Ora oleh dhuwit ora dadi ngapa. Aku isih
bisa mrawani kowe. Lasmi isih kalah ayu. Lasmi wis lali, karo aku. Ayo wong ayu,
ladenana aku,” Pandu sajak kedanen karo Arimbi.
Pranyata,
wong wadon sing karo Pandu esuk kae jenenge Lasmi. Bener, pandugane Arimbi,
Lasmi biyen dadi kinasihe Pandu. Apa sing dadi panjaluke Pandu, dituruti dening
Lasmi. Nanging, wektu kuwi wong tuwane Lasmi lagi bangkrut tanpa mikir dawa, Pandu
njaluk pisah. Lasmi gregeten, dheweke ngongkon Pandu mbalekake kabeh bandha
sing wis tau diwenehake.
“Tuluuung!
Tuluuuuung!,” bengoke Arimbi.
Dheweke kasil uwal saka Pandu. Mbukak
bungkeman lan mlayu metu liwat cendhela kamar sing wektu kuwi ora dikancing.
Mbok menawa lali. Nalika keplayu menyang ratan, Arimbi kepethuk Pak Susilo,
dhosene sing lagi marung neng cedhak montel.
“Ayo,
Mbi!” pangajake Pak Susilo.
Arimbi diajak Pak Susilo menyang kontrakane. Ing
kono, Arimbi nyritakake kedadeyan sing njalari dheweke keplayu. Pak Susilo
kaget lan rumangsa salah. Amarga, dheweke wis ngerti kabeh sipate Pandu.
“Panjenengan
kok mangertos sipatipun Mas Pandu, Pak? Lajeng wonten napa kok mboten
dipulapuraken pulisi kemawon,” takone Arimbi.
“Aku
karo Pandu biyen kanca raket. Padha-padha kuliyah neng ISI Yogya jurusan Tari.
Nanging, sarehne Pandu mbeling, dheweke kena DO. Njur pindhah neng universitas
liya, nanging aku lali endi kuwi. Bacute sing pungkasan iki, dheweke kuliyah
neng UNY nganti semester wolu iki. Kudune yen sapantaranku, dheweke wis dadi
dhosen kaya aku. Pandu kawit biyen pancen mbeling. Nanging aku ora kuwawa
kanggo nglapurake. Wong lanang sing nduwe urusan karo Pandu angel uwale. Mula
aku wegah. Wis, bene. Bisaku ya mung
nulungi wong-wong sing dadi korbane. Kagolong kowe. Iki, tampanen.”
“Niki
napa, Pak?”
“Dhuwit
kanggo mbayar SPP. Supaya kowe ora ke-DO.”
“Hlo,
Pak. Hlo Pak panjenengan...
“Wis
ta, tampanen. Mbok menawa iki wektu sing pas kanggo aku ngomong. Kawit awakmu
semseter loro, aku wiwit ngrasakake rasa sing beda. Bisa diarani tresna. Saben
aku mbukak laptop, saben aku numpak
montor, saben nyapo wae, wewayangmu tansah ngawe-awe. Aku bisa maca yen
aten-atenmu kuwi apik, Mbi. Ora kathik nunggu pakulinan kanggo meruhi sejatine
bocah wadon. Apa gelem kowe dadi semahku?
“Saderengipun
matur nembah nuwun, panjenengan sampun maringi arta maenika. Kula anggep niki
utang. Salajengipun nyuwun pangapunten, kula dereng saged mangsuli pitakenan
panjenengan.”
Perkara
sing sepisan sawetara rampung. Arimbi kasil mbayar SPP lan ora bakal kena DO.
Nanging, dhuwit sing saka Pak Susilo mau dianggep dhuwit utangan. Perkara sing
kapindho, Arimbi kudu menehi wangsulan kanggo pitakone telung priya mau. Yudha,
Pandu, lan Pak Susilo. Arimbi bingung. Lelakone ing Yogya ndadekake Arimbi
nandang wuyung marang ibune. Kepengin turu ing pangkone, sinambi ngesokake luh
saakeh-akehe.
---cuthel---
No comments:
Post a Comment