TEKS LAPURAN ASIL OBSERVASI
TEGESE TEKS
LAPURAN ASIL OBSERVASI
Sadurunge ngrembug
ngenani tegese teks lapuran asil observasi, luwih dhisik diandharake ngenani
observasi. Observasi yaiku njinggleng sawijining objek tartamtu, bisa awujud
kahanan alam utawa kahanan sosiyal. Observasi ditindakake kanthi cara, (1)
njinggleng (ndeleng) langsung, (2) wawancara,
(3) angket/kuisioner, lan
(4) tintingan kapustakan. Cara-cara kang ditindakake kasebut, wekasane dadi
dhata observasi. Dene wujud sugata dhata observasi, bisa didadekake infografis, dhaftar, tabel, bagan, dhiagram, lan
peta/dhenah sing sabanjure diwenehi jlentrehane.
Tegese teks lapuran asil observasi yaiku lapuran sing ditujokake marang pamaca sawise njingglengi sawijining perkara (objek) tartamtu. Lapuran kasebut diandharake lan dijlentrehake kanthi gamblang. Tujuwane supaya pamaca utawa wong sing nduweni kepentingan bisa luwih gampang ngerteni perkara sing dijingglengi.
JINISE TEKS
LAPURAN ASIL OBSERVASI
Adhedhasar objek sing diobservasi,
jinise teks lapuran asil observasi ana loro, yaiku lapuran dheskriptif lan
eksperimental.
1.
Lapuran
dheskripsif yaiku ngandharake lan njlentrehake objek sing
diobservasi (dijinggengi) kanthi cara langsung.
2. Lapuran eksperimental ditindakake kanthi cara uji coba marang sawijine objek kanggo mbuktekake hipotesis.
TITIKANE TEKS
LAPURAN ASIL OBSERVASI
Titikane teks lapuran asil observasi
dheskriptif lan eksperimental, nduweni titikan kaya ing ngisor iki.
1.
Asipat objektif lan faktuwal, tegese sakabehe dhata kang diandharake
slaras karo kedadeyan sing sabenere, ditulis nganggo purusa katelu.
2.
Sistematis, yaiku
andharan kang diandharake kanthi urut (koheren) lan tumata.
3.
Asipat netral,
tegese lapuran asil observasi ora kena mihak salah siji
klompok tartamtu.
4.
Ditulis
kanthi cara referensial lan nduweni visi intelektual,
ora
nyimpang karo topike.
5.
Nggunakake basa kang baku (ilmiyah) lan komunikatif.
WANGUN TEKS
LAPURAN ASIL OBSERVASI
Wangun teks lapuran asil observasi
umume diperang dadi telu, yaiku idhentifikasi,
klasifikasi, lan dheskripsi.
1.
Idhentifikasi, yaiku gambaran umum ngenani sawijine objek sing dijingglengi.
2.
Klasifikasi,
yaiku merang kang awujud gagasan saben pada.
3.
Dheskripsi,
yaiku andharan lan jlentrehan saka perangan/klasifikasine.
Dene miturut jinise, wangun teks lapuran
asil observasi ana loro, yaiku teks lapuran asil observasi dheskriptif lan
eksperimental.
1.
Wangun teks
lapuran asil observasi dheskriptif:
a.
judhul
lapuran
b.
purwaka
c.
andharan lan
jlentrehan
d.
panutup
2.
Wangun teks
lapuran asil observasi eksperimental:
a.
judhul
lapuran
b.
abstrak (ringkesan)
c.
purwaka
(landhesan panliten, underane panliten, paedahe panliten, ancase panliten)
d.
tintingan
kapustakan
e.
metodhe
panliten
f.
andharan lan
jlentrehan
g.
panutup (dudutan lan pamrrayoga)
h.
katrangan
panjangkep (kapustakan, transkrip wawancara, idhentitas informan, lsp)
WANGUN BASA TEKS
LAPURAN ASIL OBSERVASI
Wangun
basa kang digunakake sajrone teks lapuran asil observasi umume yaiku (1) tembung wilangan, (2) ukara lamba
lan camboran. Andharane kaya mangkene.
1.
Tembung Wilangan
Tembung wilangan
yaiku tembung sing mratelakake cacah utawa urut-urutan. Tembung wilangan
kaperang dadi rong golongan, yaiku tembung wilangan kang mratelakake cacahe
barang lan tembung wilangan kang mratelakake cacahe pepangkatan.
a. Tembung wilangan kang mratelakake cacahe barang dadi
papat. Andharane mangkene.
1) Tembung wilangan wutuh/baku. Tuladha:
1 = siji 11 = sewelas 21 = selikur
2 = loro 12 = rolas 22 =
rolikur
3 = telu 13 = telulas 25 =
selawe
4 = papat 14 = patbelas 50 = seket
5 = lima 15 = limalas 60 = sewidak
6 = enem 16 = nembelas 100 = satus
7 = pitu 17 = pitulas 200 =
rong atus
8 = wolu 18 = wolulas 1000 = sewu
9 = sanga 19 = sangalas 10. 000 = sepuluh ewu
10 = sepuluh 20 = rongpuluh 1.000.000 = sayuta, lsp.
Katrangan:
a) Cacah saluwihe sepuluh oleh
wuwuhan -las, dene saluwihe rongpuluh oleh wuwuhan -likur, kajaba 25 (selawe).
b) Cacah saluwihe telungpuluh
anggone ngucapake yaiku 31 (telungpuluh siji), 32 (telungpuluh loro), 33
(telungpuluh telu), lan sateruse. Semono uga saluwihe 40 (patang puluh) anggone
ngucapake yaiku 41 (patangpuluh siji),
42 (patangpuluh loro), 43 (patangpuluh telu) lan sateruse.
c) Cacah tetikelane sepuluh oleh
wuwuhan -puluh, kajaba 50 (seket) lan 60 (sewidak). Tuladha:
10 = sepuluh 40
= patang
puluh 70 = pitung puluh
20 = rong puluh 50
=
seket 80 = wolung puluh
30 = telung puluh 60 = sewidak 90
= sangang puluh
d) Cacah tetikelane satus oleh
wuwuhan -atus. Tuladha:
100 = satus 400 = patangatus 700 = pitungatus
200 =
rongatus 500 =
limangatus 800 =
wolungatus
300 =
telungatus 600 =
nematus 900 =
sangangatus
e) Cacah tetikelane sewu oleh
wuwuhan -ewu, wondene tetikelane yuta
oleh wuwuhan -yuta. Tuladha:
1.000 = sewu
2.000 = rong ewu
3.000 = telung ewu
4.250 =
patang ewu rong atus seket
10.724 =
sepuluh ewu pitung atus patlikur
100.870 =
satus ewu wolung atus pitung puluh
1.572.625 = sayuta limang atus pitung puluh ewu nematus
selawe
5.350.732 = limang yuta telung atus seket ewu pitung atus
telung puluh loro
2) Mratelakake barang sing durung genah cacahe. Tuladha:
akeh, sethithik, kabeh, lsp.
3) Mratelakake angka wektu. Tuladha:
12.00 = tabuh rolas
awan
24.00 = tabuh rolas bengi
12.30 = tabuh setengah siji awan
23.30 = tabuh setengah rolas bengi
13.15 = tabuh siji seprapat awan
07.45 = tabuh wolu kurang seprapat esuk
4) Mratelakake cacah pecahan. Tuladha:
1/5 =
sapraliman
¼ = seprapat
½ = setengah
¾ = telungprapat
2/5 =
loro praliman
0,6 = nem
pradasan
0,08 = wolu praatus
0,475 = patangatus pitung puluh lima praewon
0,698 = nematus sangangpuluh wolu praewon, lsp.
b.
Tembung Wilangan
kang mratelakake Pepangkatan. Panganggone:
1)
Kanggo
mratelakake pepangkatane (undha usuke) wilangan nggunakake ater-ater {ka-}. Tuladha:
kapisan, kapindho (kaloro), katelu, kapapat, kalima, lsp.
2)
Kanggo
mratelakake kaping pira anggone tumindak, tembung wilangan oleh wuwuhan kaping
utawa ping. Tuladha: kaping pisan (ping pisan), kaping pindho (ping pindho),
lsp.
Pangecake Tembung Wilangan:
a. Yen nerangake akehe barang, tembung wilangan manggon
ing samburine. Tuladha:
1) Wati tuku pulpen akehe lima.
2) Budi nggawa jajan papat
b. Yen mratelakake ukuran utawa jinis, tembung wilangan
manggo ing ngarepe. Tuladha:
1) Ali tuku solar patang liter.
2) Gedhung iku dhuwure pitung meter.
3) Ibu mundhut sendhok setengah lusin.
4) Aku tuku jajan entek telungewu rupiyah.
2.
Ukara
Lamba lan Ukara Camboran
a.
Ukara
Lamba
Ukara lamba yaiku ukara kang kedadeyan
saka ukara gatra cacahe siji. Upamane, Mas Joni kelangan jaket. Ukara
kasebut dumadi saka jejer; Mas Joni,
wasesa; kelangan, lan lesan; jaket. Ukara lamba uka bisa
diwuwuhi katrangan (panggonan utawa wektu). Upamane, (1) lampu kuwi nggantung ing satengahing pendhapa, (2) wingi bengi, Mbah Kakung seda.
b.
Ukara
Camboran
Ukara camboran yaiku gabungan saka rong
ukara lamba utawa luwih. Umume, diwenehi pangiket “lan,” “utawa,” “dene,” bisa
uga “apa dene.” Tuladhane, Ali mider golek penggaweyan, dene sedulur-sedulure, ora bisa mbiyantu. Ukara camboran cacahe ana
loro, yaiku ukara camboran sejajar lan ukara camboran ora sejajar. Andharane
kaya mangkene.
1)
Ukara
Camboran Sajejar
Ukara camboran sajajar yaiku gabungan
saka rong ukara lamba utawa luwih, sing nduweni tataran padha. Tuladhane, Sinta
bocahe sregep, dene mbakyune kesed. Tuladha kasebut dumadi saka rong ukara
lamba yaiku Sinta bocahe sregep, lan mbakyune kesed. Banjur, diwenehi tembung
pangiket “dene.” Ukara lamba sing sepisan (ngarep dhewe) ngrembug sipate
manungsa, mula ukara lamba liyane uga ngrembug sipate manungsa.
2)
Ukara
Camboran Susun
Ukara camboran susun yaiku gabungan saka
rong ukara utawa luwih, sing salah siji saka ukara kasebut dadi pokok ukara.
Tuladhane Rama ora nggarap PR, mula didukani gurune. Ukara pokok saka tuladha
kasebut yaiku “Rama ora nggarap PR”,” banjur diterangake ukara sabanjure utawa
ukara wuwuhan, yaiku “didukani gurune.”
CARA NGGAWE TEKS
LAPURAN ASIL OBSERVASI
Teks lapuran asil observasi
rumaket karo panulisan ilmiyah sing nggunakake basa baku uga gampang
dingerteni. Tujuwane, supaya pamaca bisa ngolehake informasi saka teks kasebut.
Mulane, nalika nggawe teks lapuran asil observasi kudu nggatekake tata urutane.
Sepisan, nemtokake tema lan topike.
Tema lan topik kerep ditegesi padha, kamangka kalorone nduwe teges beda nanging
isih nduweni sesambungan. Tema yaiku idhe pokok sing lumrahe dijupuk saka
sawijning kedadeyan. Dene topik, kalebu perangane tema. Upamane, ana tema
ngenani pendhidhikan lan topike, pendhidhikan ing masyarakat.
Sawise mangerteni tema lan topike,
banjur njingglengi langsung objek utawa kedadeyan sing diobservasi kanggo
ngolehake dhata. Dhata sing diolehi, diolah banjur dikembangake dadi teks. Sing
pungkasan, mriksa asile nulis teks kasebut, ngowahi, nambahi, lsp.
Dudutan carane nggawe teks lapuran
asil observasi, kaya mangkene:
1. nemtokake tema
lan topike,
2. nglumpukake
dhata (njinggleng langsung, wawancara, tintingan kapustakan, utawa angket)
3. ngolah dhata,
4. nggawe teks, lan
5. niti priksa asile.
No comments:
Post a Comment