Sunday, March 20, 2022

PIDHATO

 

PIDHATO

A.    Pidhato yaiku salah sijine jinis trampil wicara sing diwedharake kanthi sistematis lan nduweni tujuwan tartamtu. Pidhato minangka jinis trampil wicara, mula ora kena nganggo teks. Beda karo maca pidhato sing kudu ana tekse. Sipate prodhuktif, dudu reseptif.

 

B.     Jinis pidhato ana telu adhasar tujuwane, yaiku:

1.      Tanggap wacana: yaiku pidhato sing isine atur pangayubagya (belarasa sungkawa/sukabagya)  utawa pananggap. Upamane pidhato atur pangandikan (sambutan), pidhato atur pasrah/panampi manten, pidhato sesulih (wakil) sing mangku kajat, lan sapanunggale.

2.      Sesorah yaiku pidhato sing isine ndayani, nyemangati, utawa ngejak (provokatif utawa persuasif). Tuladhane pidhato ing pengetan hardiknas, pidhato mapag UAS, pidhato pengetan dina kamardikan, pidhato penyuluhan, lan sapanunggale.

3.      Pamedhar sabda/ular-ular: yaiku pidhato sing isine bab atur wejangan, nuturi, ceramah, utawa khotbah. Tuladhane khotbah kebaktian ing greja, waosan dhawuh/firman Pengeran, atur wejangan, eramah agama, lan sapiturute.

 

C.    Tata carane pidhato umume dibage dadi telu yaiku tata siyaga, tata leksana, lan tata purna.

1.      Tata Siyaga

a.    Ngerteni ancas/tujuwan uga topike pidhato

b.    Ngerteni sapa mitra tuture (audience) lan kepiye kahanane

c.    Nggawe reng-rengan (kerangka)

d.    Nyiapake ubarampe (alat/bahan, menawa perlu)

 

2.      Tata Leksana

a.    Pambuka

1)   Salam pambuka

2)   Panyapa

3)   Pepujen

4)   Mbeber diri

5)   Mbabar pikajengan

 

b.   Isi

1)   Ngaturake topik lan reng-rengane

2)   Ngandharake lan njlentrehake reng-rengan kasebut

 

c.    Panutup

1)   Dudutan (simpulan)

2)   Atur panuwun

3)   Nyuwun pangapura

4)   Atur pangarep-arep/sesanti

5)   Salam panutup

 

3.    Titi Purna

a.    Atur panuwun marang pambiwara

b.    Atur panuwun lan nyuwun pangapura marang sing mengku kaja


 

D.    Sing kudu digatekake nalika pidhato

a.     Nggatekake unggah-ungguhe, kanggo menehi pangaji/pakurmatan marang mitra tutur (audience)

1.  Solah bawa (gandhes, luwes, nandhes, menthes, lan pantes).

2. Cakrik basa (pamilihe tembung, titise pangucap, lan cak-cakan basa)

b.    Omongane cetha, ora digawe-gawe, lan saperlune adhasar tujuwane.

c.     Ora merkarakake bab SARA.

 

Tuladha pidhato sesorah marang bocah-bocah kanthi tujuwan sosialisasi.

Bageyan

Pidhato

Pambuka

Salam

Nuwun, sugeng enjing!

Panyapa

Ingkang kinurmatan Ibu Kepala Panti Asuhan Graha Putra

Adhik-adhikku kabeh warga Panti Asuhan Graha Putra sing taktresnani.

Pepujen

Adhik-adhik kabeh, piye kabare dina iki? Semangat?

Sadurunge, mangga ngaturake panuwun marang Pengeran, awit saka berkah asih Panjenengane, kita isih pinaringan karaharjan, seger kuwarasan, lan kenikmatan sing tanpa pepindhan. Mula kita bisa ketemu ing kegiyatan sosialisasi esuk iki kanthi ora ana alangan.

Mbeber diri

Adhik-adhik sing taktresnani, tepungna, jenenge kakak,  Michael Sarwana, duta anti narkoba saka SMP Al Muslim.

Mbabar Pikajengan

Ing kene keparengna kakak bakal andum wawasan marang adhik-adhik, soaialisasi ngenani bebayane narkoba. Tujuwane supaya adhik-adhik ngerteni lan ora nyalah gunakake narkoba kasebut. Disemak bareng-bareng ya, mengko sawise kakak njelasake bab iki, kakak bakal menehi pitakonan, lan sapa sing isa mangsuli mengko kakak wenehi bebungah.

Isi Pidhato

Ngaturake topik lan reng-rengane

Sing bakal kakak wedhar yaiku tegese narkoba, jinise, bebayane, lan sebaran pengedar narkoba

Andharan lan jlentrehan topik

…………………

Adhik-adhikku warga panti asuhan Graha Putra sing taktresnani. Tuladhane narkotika kayata ganja, heroin, morfin, amfetamin, eVIItasy, sabu-sabu, putau, opium, candu, mariyuana, lan liya-liyane. Obat-obatan kang kalebu narkotika iki disalahgunakake dening para panganggo nganti ketagihan. Mulane kang nggunakake narkotika kasebut saraf-sarafe ing njero awake dadi rusak.

Adhik-adhikku sing taktresnani. Gambaran tumindak kang dilakoni dening para pengguna narkoba yaiku wong-wong padha klesedan. Ing kono wong-wong mau nyekel bumbung disedhot kaya wong ngrokok kang banjur metu kukuse (asap). Awake lunglit, kuru banget, semangate ora ana, sarta males-malesan. Kuwi nggambarake yen wong wis kaprabawan (terpengaruh) narkotika. Yen wis ketagihan ora kena disemayani. Dadi, adhik-adhik kabeh ing kene aja nganti kepengin nyoba narkoba kasebut senajan mung sithik wae, mundhak nagihi. Saliyane mbebayani awake dhewe, ya mbebayani wong liya.

……………………..

Panutup

Dudutan

Adhik-adhik sing taktresnani, cukup semono wae andharan saka kakak. Dudutan cekake, aja pisan-pisan kepencut nyoba nyalah gunakake narkoba. Narkoba dikenal kanggo didohi. Aja nganti mangsa mudhane sampeyan rusak, rusak awake ya rusak mangsa tembene.

Atur panuwun

Matur nuwun, adhik-adhik kabeh wis ndherekake lan menehi kawigaten karo apa sing diandharake kakak ingkene.

Nyuwun pangapura

Kakak njaluk sepura menyang adhik-adhik menawa anggone kakak menehi andharan mau ana omongan utawa tumindak sing kurang mranani ati.

Atur pangarep-arep/sesanti

Muga-muga sithik sing kakak andharake mau migunani tumrap kita kabeh. Muga-muga uga adhik-adhik mbesuk didadekake Pengeran dadi wong sing kasil lan sukses, lan didohake saka bebaya, kalebu bebayane narkoba.

Jaya jaya wijayanti, suradira jayadiningrat lebur dening pangastuti.

Salam panutup

Nuwun! Rahayu, rahayu, rahayu! Sugeng enjing.

 

 

 

No comments:

Post a Comment